Kamirahan Langgeng Renungan Harian 23 November 2020

23 November 2020

Waosan : Yeremia 30 : 1 – 17 | Pujian : KPK. 125 : 1
Nats: “… Ingsun bakal mulihake kahanane umatingSun Israel lan Yehuda…” (Ay. 3)

Sedaya bab saged kita tingali sacara positif lan negatif, contonipun: nalika kita taksih lare, tamtunipun kita nate dipun dukani tiyang sepuh, malah kepara mbok bilih nate dipun jiwit utawi dipun ciwir. Nalika semanten kita saged mastani tiyang sepuh kita kereng lan jahat. Ananging wanci kita sampun dewasa, nalika kita sampun saged nggalih lan nyadari kenakalan kita, kita saged mastani bilih tiyang sepuh punika tresna dhateng kita.

Menawi kita mirsani sakleraman Gusti Allahipun Israel punika Gusti ingkang kejem. Nanging nalika kita mirsani sejarahipun Israel ingkang sinebut umat pilihan lan agunging katresnanipun Gusti, kita saged mastani bilih paukuman ing Babel punika minangka praktik pawujudaning tresna, ingkang kala semanten dipun tindakaken dening Panjenenganipun Gusti Allah. Bangsa Israel kalebet bangsa ingkang ndableg. Dosanipun Israel lan Yehuda saestu ageng sanget, ambal wangsul dipun apunteni. Karana saking punika Gusti Alah nggebug Yehuda ngantos kados tiyang sakit ingkang boten saged dipun tambani (30:11-15). Ananging Gusti Allah mrasetyaaken pemulihan lan badhe mangsulaken kawontenan gesangipun kados ing wiwitan mula (30:16-22). Malah ing ngriku Gusti Allah paring prasetyan bilih kratonipun prabu Daud badhe kajumenengaken malih. Punika “pameca agung” ingkang martosaken bab pangentasan ingkang boten namung sacara fisik kadonyan, nanging pangentasan ingkang sifatipun maringi kawilujengan langgeng. Boten sanes Daud ingkang dipun maksud dening pameca punika Gusti kita Yesus Kristus.

Nalika kita ngadhepi prekawis ingkang ageng, sampun ngantos kita punika nganggep bilih sedayanipun sampun pungkas. Sampun ngantos kita punika ngalami semplah ing pangajeng – ajeng. Amargi menawi kita ningali lelakonipun bangsa Israel, kita punika dipun suwun nyadari kawontenan kita minangka tiyang dosa lan enggal mratobat, kamangka lajeng kados bangsa Israel kita bakal kapulihaken dening Panjenenganipun Gusti. Amin. (nDrung)

“Bebendune mung sedhela nanging kamirahane tetep ing selawase urip.” (Mazmur 30:6)

Renungan Harian

Renungan Harian Anak