Ndableg Renungan Harian 23 November 2019

23 November 2019

Waosan : Yeremia 22 : 18 – 30     |  Pamuji : KPJ. 84 : 1, 3
Nats:
“Ingsun wus ngandika marang sira nalika sira santosa, nanging sira mangsuli: “Aku emoh ngrungokake!” Kaya mangkono tindak-tandukira wiwit nalika nom-nomira, amarga sira emoh ngrungoake dhawuh Ingsun!” (Ay. 21)

Wonten istilah ingkang nyebataken anak jaman old lan jaman now. Panggulawentah anak jaman old lan anak jaman now punika benten. Rikala semanten menawi bapak sampun milai ngetingalaken pasuryan ingkang kereng, para putra sampun sami mendel, sampun mboten wanton ngucap lan nindakaken punapa-punapa. Menawi ngantos bapak tandang nanduki putra-putranipun ateges nakalipun para lare punika sampun kebat keliwat. Lare ingkang mekaten kasebat lare ingkang ndableg.

Ndableg punika tembung ingkang limrahipun ngetingalaken salah satunggaling sifat ala manungsa. Ndableg punika ateges sifat ingkang wangkot, angel dipun tuturi, angel dikandhani. Remen nerak tatatan sapikajengipun piyambak. Dhumateng tiyang ingkang kados mekaten umumipun ugi lajeng dipun umbar, dipunjaraken kemawon, ngantos mangke ngraosaken piyambak dhampak saking tindak-tanduk ala ingkang dipunlampahi.

Khonya utawi Yoyakhin punika putra saking Raja Yehuda, inggih punika Yoyakim. Yoyakim nglampahi gesang kanthi tumindak ala ing ngarsanipun Gusti. Ananging Gusti taksih nggadhahi pangajeng-ajeng tumrap turunipun. Mila Khonya kagambaran kados sesupe cap ing asta tengenipun Gusti Allah. Priyantun pilihan ingkang dipungadhang saged mulihaken kahanan Yehuda ingkang sampun tebih saking karsanipun Gusti Allah. Ananging punapa ingkang dipun tindakaken dening Khoya langkung ala tinimbang ramanipun. Kanthi gamblang piyambakipun nolak tuntunanipun Gusti Allah (ayat 21).  Kahanan punika ndadosaken Khonya sansaya tebih saking sih katesnanipun Gusti Allah, kagambaran sesupe cap ingkang dipun copot dening Gusti.

Ing Gusti Allah punika wonten pangajeng-ajeng. Tumrap manungsa dosa, tumrap kahanan ingkang ala, Gusti taksih mbikak sih kanugrahanipun. Gusti taksih maringi kesempatan, taksih maringi peluang ngewahi kahanan. Sampun ngantos kita dados perangan manungsa ingkang ndableg. Amargi kanugrahan punika namung kangge saben pribadi ingkang purun nyelak, sanes ingkang selak. [PKS]

“Yitna yuwana lena kena” (Orang yang berhati-hati akan selamat sedangkan yang tidak maka akan celaka)

 

Renungan Harian

Renungan Harian Anak