Kaseksenan Becik Pancaran Air Hidup 23 Mei 2025

23 May 2025

Waosan: Lelakone Para Rasul 16 : 1 – 8  |  Pamuji: KPJ. 202
Nats: “Timoteus iku wus kaseksenan becike dening para sadulur ing kutha Listra lan ing kutha Ikonium.” (Ayat 2)

Wonten paribasan Jawi “becik ketitik, ala ketara” ingkang tegesipun sadaya tumindhakipun manungsa, sae ingkang becik semanten ugi ingkang ala tamtunipun bakal katon ing tembe wingkingipun. Kejawi punika, paribasan kalawau ugi ngemutaken dhumateng sadaya manungsa bilih tumindhak becik lan ala bakal nuwuhaken ganjaranipun piyambak.

Nalika martosaken Injil ing Derbe lan Listra utawi Ikonium, rasul Paulus kagungan siswa ingkang naminipun Timotius. Wonten ing ayat 1-3 kasebataken bab “identitas utawi jati dirinipun“ Timotius bilih ibunipun tiyang Yahudi ingkang sampun pitados, bapanipun tiyang Yunani lan piyambakipun kaseksenan dados tiyang ingkang becik dening para sadherekipun. Pramila rasul Paulus ngersakaken supados Timotius ndherekaken peladosanipun kangge martosaken Injil ing kutha-kutha. Ananging, ing mriki Paulus ngadhepi pambengan karana Timotius punika dereng tetak. Tumrap masyarakat Yahudi, prekawis tetak dados salah satunggaling pranatan ingkang kedah dipun lampahi saben tiyang Yahudi. Karana punika, Paulus paring dhawuh supados Timotius dipun tetak rumiyin, supados piyambakipun mboten dados pepalang anggenipun nindhakaken peladosan. Timotius piyambak ugi purun ngestokaken punapa ingkang dipun dhawuhaken rasul Paulus.

Saking waosan punika kita saged mangertos, supados dados tiyang ingkang becik, kita mbetahaken manah ingkang tulus-ikhlas. Kadosdene Timotius ingkang mboten owel lan mangkotaken manahipun nalika Paulus nyuwun supados piyambakipun dipun tetak. Timotius nindhakaken sadayanipun kanthi tulusing manah. Pramila, sumangga kita ugi tansah mbudidaya dados tiyang ingkang becik lantaran pangucap lan tumindak kita saben dinten lan ing pundi papan panggenanipun. Mbudidaya dados tiyang becik ugi dados wujud sukur kita wonten ngarsanipun Gusti Allah. Amin. [G-Mbul].

 ”Aja nganti kita kemba anggon kita gawe kabecikan, awit manawa wus tekan ing kalamangsane, kita bakal ngeneni, anggere kita ora nganti kendho.” (Galatia 6:9)

Renungan Harian

Renungan Harian Anak