Waosan: Yokanan 16 : 4b – 15 | Pamuji : KPJ. 431 : 1 – 3
Nats: “Apa sakagungane Sang Rama, iku iya duwekKu; mulane Aku pitutur: Sang Juru Panglipur bakal martosake marang kowe apa kang wus katampi saka Aku.” (Ayat 15).
Artosipun tembung ‘bener’ inggih menika ‘mboten lepat/salah’, ingkang tegesipun cundhuk kaliyan ingkang sak mesthinipun. Pramila asring kita mireng pangandika: “Ati-ati mlakune, sing bener ben slamet tekan nggone. Nek nyambut gawe ya sing bener, aja tumindak sing ora bener. Sandhang penganggone sing bener, aja nganti nguciwani; lsp.” Tamtu kemawon pitedah kalawau nggadhahi tujuanipun ingkang cetha. Menawi mlampahipun lepat, mbokmenawi saged murugaken kacilakan. Menawi nyambut damelipun sembrono lan mboten leres, saged dipun PHK (Pemutusan Hubungan Kerja). Menawi sandhanganipun mboten cundhuk kaliyan kawontenanipun saged dipun wastani ‘salah kostum’?
Lha yen mekaten, kita perlu gesang ingkang leres lan nindakaken kaleresan cundhuk kaliyan dhawuh lan karsanipun Gusti Allah! Kados pundi tata caranipun supados kita saged nindakaken kaleresan? Waosan kita maringi pangertosan, bilih Sang Roh Suci ingkang nuntun kita nuju ing pangertosan bab Sang Kristus Yesus. Roh Suci ugi mbantu kita nguwaosi dhiri, nglatih sabar, supados kita saged sumerep kanthi cetha bab-bab ingkang leres.
Gusti Yesus dhawuh bilih Sang Roh Suci rawuh, inggih punika Roh Kayekten badhe nuntun para sakabat dhateng kayekten ingkang sampuna. Ananing para sakabat mboten mangertos bab janji menika, ngantos dumugi wekdalipun Sang Roh Suci nedhaki para sakabat, inggih punika sak sampunipun Gusti Yesus seda lan wungu malih! Ing selajengipun, Sang Roh Suci badhe nedahaken kaleresan-kaleresan dhateng para sakabat, inggih menika bab katresnanipun Gusti Yesus dhateng manungsa ngantos seda sinalib sarta wungu saking antawisipun tiyang pejah. Ing wusananipun para sakabat sami dipun parengaken nyerat bab kaleresan kalawau ing Kitab Suci Prajanjian Enggal.
Samangke cetha kangge kita bilih nindakaken kaleresan menika sami tegesipun kaliyan ngetut wingking lan nuladha pakaryanipun Sang Kristus Yesus. Mangga kita sami pitados dhateng Gusti lan dedonga supados gesang kita tansah dipun kanthi dening Roh Suci sarta saged nindakaken gesang ingkang kebak kaleresan. Amin. (Esha).
“Payo padha nyunarke cahya Injil peparinge Gusti kita”