Wiwitan Dumugi Pungkasan Renungan Harian 23 Mei 2020

23 May 2020

Waosan : Jabur 93 : 1 – 5   |   Pamuji : KPJ. 124
Nats
: “Dhampar Paduka jejeg wiwit kala rumiyin, wiwit ing kalanggengan Paduka sampun wonten.” (Ay. 2)

 Kathah tiyang menawi miwiti satunggal prekawis, bidhal kanthi kebak semangat. Nanging menawi ing tengah margi wonten masalah ingkang boten trep kaliyan manahipun, utawi wonten alangan-alangan, kadhang tiyang punika lajeng rumaos lesah lan kados-kados boten saged ngrampungaken. Wonten bangunan ingkang nembe kawangun separuh jalan lajeng boten dipun rampungaken awit dananipun sampun telas. Utawi kadhang wonten ugi kepanitiaan ing greja ingkang miwiti pakaryanipun mawi rancangan-rancangan ageng, lajeng menawi ing tengah lampahing kepanitiaan punika setunggal kaliyan sanes boten pas, lajeng kesel, cidra, lan boten purun ngrampungaken. Utawi prekawis alit kemawon, kados ndamel kerajinan tangan, nalika ing tengah-tengah tan saya ewet utawi dangu-dangu bosen, lajeng boten dipun rampungaken. Prekawis-prekawis mekaten kados-kados limrah kita panggihi wonten ing tengah gesang kita. Awit kita kepingin punapa ingkang sampun kita wiwiti sageda kalajengaken kanthi sampurna. Nalika kita ngupadi kasampurnan kita kadhang kuciwa nalika nemahi bilih ingkang kita alami utawi kita tindakaaken boten wonten ingkang sampurna.

Waosan kita kala wau nedahaken kados pundi Gusti Allah kamulyaaken dening sedaya ingkang tumitah. Kagambaraken bilih lepen-lepen ngantos kumrasak ngulukaken swantenipun kagem Sang Yehuwah. Nanging menawi dipun pirsani kanthi saestu, sedaya kala wau kadadosan awit pakaryanipun Gusti boten nate surut, boten nate mandeg. Gusti Allah makarya wiwit ing mula baka ngantos samenika, lan badhe tansah makarya ngantos ing pungkasanipun jagad.

Lajeng, punapa sedaya pakaryanipun Gusti kalampahan kanthi mulus tanpa cacat? Sedaya sampurna kados rancanganipun ingkang endah? Kita nemahi boten mekaten ugi. Menawi sedaya lumampah sae, boten badhe Gusti Yesus rawuh ing jagad. Boten badhe para nabi kesel paring pitutur dhumateng umatipun Allah. Ateges pakaryanipun Gusti Allah ugi ngalami alangan-alangan nanging Gusti boten lajeng kendel ngupadi supados sedaya ingkang tumitah sageda ngalami tentrem rahayu. Gusti Allah tansah kreatif pados margi-margi enggal supados rancanganipun saged kawujudaken saking wiwitan ngantos ing pungkasan. Bilih Gusti Allah kemawon mekaten, mangga kita mungkasi punapa ingkang sampun kita wiwiti, pados margi kreatif nindakaken kasaenan ing bumi. (gid)

“Mangga ngrampungaken punapa ingkang sampun dipun wiwiti!”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak