Waosan : Lelakone Para Rasul 15 : 35 – 41 | Pamuji : KPJ 125 : 1, 2
Nats : “Bab iki ndadekake dredahe sakarone, temahan padha pepisahan. Barnabas ngajak Markus lan banjur layar menyang Siprus” [ayat 39]
Ing satengah gesang sesarengan mboten wonten ingkang lumampah tanpa wonten benten pendapat, benten pangajeng-ajeng lan tata cara. Tunggal rasa, tunggal laku punika ing kahanan tartamtu mawujud kanthi perjuangan. Perlu kawicaksanan supados sedaya tetep saged lumampah, kondusif sarta sedaya ayahan saged dipunrantasi kanthi sae.
Mekaten ugi ing lampah gesang peladosan para rasul. Sosok Yokanan utawi Markus dados pusat pirembagan. Rasul Paulus kagungan prinsip bilih sok sintena kemawon ingkang mboten saestu purun lelados dipuntilar kemawon tinimbang dados sumbering crah. Ananging Barnabas kagungan pemanggih ingkang benten. Mbingahaken sanget menawi sapunika Markus purun ndherek cawe-cawe malih ing satengah peladosan. Mboten wonten lepatipun menawi Markus kaparingan kesempatan malih kangge lelados sesarengan. Pungkasanipun sedaya saged dipunatasi. Peladosan mbabaraken Injil tetap saged lumampah. Markus dipunajak sesarengan kaliyan Barnabas. Dene Rasul Paulus ngajak Silas ingkang pancen saking wiwitan sampun mujudaken kasetyanipun ndherek peladosan.
Punika salah satunggal conto kados pundi ngudhari perkawis kanthi wicaksana. Sedaya perkawis saged dipuntata, saged dipunrembag. Sedaya perkawis perlu dipuntimbang kanthi lebet, dipuntingali saking sedaya sisi saha perlu dipuntingali dhampakipun. Pancen pepisahanipun Rasul Paulus sarta Barnabas dereng saestu mulihaken kahanan (ayat 39). Ananging kawicaksanan sarta ketelatosanipun Barnabas tamtu saged ngrangkul Markus sinau bab peladosan kanthi langkung lebet malih. Dene ewahewahanipun Markus ing tembe tamtu badhe dados pawartos ingkang mbingahaken tumrap Rasul Paulus.
Monggo kita saged dados tiyang ingkang tansah wicaksana ingkang sami. Mboten kesusu grusa-grusu tumindak, ananging kanthi setiti lan ngati-ati, murih pulihing kahanan ingkang dipunanti-anti. Mugi ing salampahing gesang kita tansah dados berkah kangge sesami. [PKS]
“Ngudhari prakara iku prayogane kaya “njupuk iwak ora buthek banyune” ”