Waosan: Lukas 13 : 1 – 9 | Pamuji: KPJ. 61
Nats: “Mulane tegoren bae wit iki! Kanggo apa urip ana ing lemah kene tanpa guna!” (Ayat 7b)
Wonten lirik lagu saking grup musik Tangga ingkang mekaten, “Sungguh kusesali, nyata cintamu kasih. Tak sempat terbaca hatiku, malah terabai olehku. Andai saja aku masih punya kesempatan kedua.”. Lagu punika kagungan makna: tiyang ingkang kuciwa karana mboten saged ngraosaken katresnan ingkang sampun dipun tampi saking kekasihipun, lajeng nyuwun supados saged kaparingan kesempatan kaping kalih, karena sampun telat anggenipun ngrumaosi lajeng dipun getuni.
Waosan ing dinten punika nyariosaken bab kesempatan kangge mratobat. Gusti Yesus ngemutaken para tiyang supados sami mratobat lumantar gambaran tiyang-tiyang Galilea ingkang seda ing astanipun Pilatus, ugi tiyang wolulas ingkang seda karana karubuhan menara ing Siloam. Gusti Yesus ngemutaken bilih tiyang-tiyang punika seda kanthi patrap ingkang ngegirisi mboten karena sakathahing dosanipun, nanging karana mboten sempat mratobat. Bilih kita mboten enggal mratobat, kita saged ugi tilar ndonya kanthi patrap ingkang sami kadosdene tiyang-tiyang kalawau (Ay. 5). Lumantar pasemon bab wit anjir, Gusti Allah maringi kesempatan kangge kita supados kita mratobat lan gesang kita saged medalaken woh. Bilih kesempatan ingkang dipun paringaken Gusti dhateng kita punika mboten kita agem kanthi sae kagem mratobat lan medalaken woh, sejatosipun gesang kita wonten ing ndonya punika mboten wonten ginanipun (Ay. 7).
Gusti Allah tansah maringi wekdal lan kesempatan kangge kita, sampun mboten saged kaetang cacahipun. Punika wujud katresnanipun Gusti ingkang tanpa winates dhateng kita. Sumangga kita agem kesempatan endah saking Gusti punika kanthi ngakeni dosa lan mratobat. Sampun ngantos kita getun karana kita telat anggenipun ngraosaken katresnanipun Gusti. Saksampunipun kita mratobat, sumangga kita sami mujudaken gesang ingkang sae, gesang ingkang maedahi kagem Gusti lan sesami. Amin. [GW].
“Yen mangkono padha metokna woh kang sembada marang pamratobat.”(Mateus 3:8)