Gapura Kratoning Swarga Pancaran Air Hidup 23 Maret 2024

23 March 2024

Waosan: Jabur 118 : 1 – 2, 19 – 29  |  Pamuji: KPJ. 408 : 1
Nats: “Iki gapuraning Sang Yehuwah kang bakal dileboni dening para wong mursid.” (Ayat 20).

Wonten lirik pamuji saking KPJ. 408 ingkang kados mekaten: “Kula sumrep kori menga kang anjog dhateng swarga; yeku sih rahmate Allah, lantaran Sang Pamarta.” Kadosdene lirik pamuji punika, kita pitados pungkasan gesangipun para tiyang pitados punika badhe tumuju ing papan ingkang langgeng, inggih punika swarga. Tiyang ingkang lumebet  swarga punika, tiyang ingkang setya nggayuh lan ngupadi sabdanipun Gusti. Tiyang ingkang nindakaken karsanipun Gusti  kanthi sae lan leres ing gesang padintenan. Sinaosa ing jagad punika wonten kemawon pambenganipun ingkang ndadosaken nglokro lan semplah tut wingking Gusti, ananging para tiyang pitados ingkang setya badhe pikantuk swarga langgeng.

Waosan ing dinten punika nyariosaken paseksinipun Juru Mazmur ingkang ngraosaken kahanan gesang ingkang mbebayani. Piyambakipun ngraosaken kawontenanipun minangka Raja ingkang ngalami prekawis awrat. Ing kahanan kalawau, Juru Mazmur ngraosaken pitulungan saking Pangeran Yehuwah. Ing pundi Pangeran Yehuwah kersa paring pangluwaran lan mulihaken piyambakipun minangka Raja. Waosan saking Jabur 118 punika dados  pangucap sokur ingkang dipun ucapaken nalika dinten riyadin pondok daun, ingkang nyariosaken paseksinipun juru Mazmur ingkang pikantuk kawilujengan saking Gusti Allah. Piyambakipun pitados lan kagungan pangajeng-ajeng ing Pangeran Yehuwah sadengah ngadepi prekawis ingkang awrat. Ing pemanggihipun Juru Mazmur: gapuraning Pangeran Yehuwah punika kawastanan gapura kamursidan lan kaadilan. Pramila para umat ingkang badhe mangabekti dhumateng Gusti, kedah langkung rumiyen nucekaken dhiri, mbuktekaken katemenanipun sarta mboten tumindak dosa ing gesangipun.

Ing pungkasan mangsa pra paskah punika, kita sami kaajak tansah ngupadi bab ingkang sae ing kahanan awon lan kebak tumindak ala punika. Kadosdene Juru Mazmur ingkang ngucapaken Mazmur punika dados lakuning gesang, mekatena dhateng kita. Sumangga kita tansah saos sokur tumrap sedaya berkah peparinging Gusti. Kita lampahi gesang kita punika kanthi ngestokaken dawuhipun Gusti. Awit kita pitados Gusti Allah ingkang mengku jagad lan kraton swarga kersa nulungi lan nunggil gesang kita. Mangga kita dados tiyang mursid ingkang saged mlebet ing gapuraning Allah. Amin. [dea].

“Tiyang dursila pangajengipun gesang sawetara, tiyang mursid pangajengipun swarga langgeng.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak