Waosan : Yesaya 59 : 9 – 19 | Pamuji : KPJ. 84 : 1, 3
Nats: “Dosa kawula sadaya punika saestu kathah wonten ing ngarsa Paduka” (ay 12a)
Salah satunggaling dinten, wonten bapak-bapak ingkang ngresiki kaca mobilipun saking rereged. Piyambakipun rade mangkel karana sampun bola-bali nggosok kaca mobilipun nanging regedipun mboten ical-ical. Nggosok kanthi kekiyatan ekstra ugi taksih wonten regedipun. Wusananipun si bapak punika mendel kemawon, ningali kaca mobil kanthi menggalih,”Kenging punapa kotoran punika mboten saged ical?” Sawatawis wekdal mendel, wusananipun piyambakipun sadar bilih kotoran ing kaca mobil punika papanipun wonten ing lebet, sanes ing njawi.
Perikop punika jeritan manahipun Yesaya ingkang sejatosipun dados wakilipun umat. Karana dosa, umatipun Gusti gesang wonten ing pepeteng ingkang gegirisi. Kagambaraken kados ta tiyang wuta, ingkang boten nggadahi daya kekiyatan punapa-punapa. Prakawis mboten adil, prakawis awon tansaya ndadra, lan umat mboten saged mrantasi. Ingkang langkung gegirisi bilih sinten kemawon ingkang nebihi piala malah badhe dados korban.
Gusti ningali sangsaranipun tiyang dosa lan wusananipun nggadahi welas asih, nalika mboten wonten tiyang ingkang jumeneng mrantasi keadaan. Gusti piyambak ingkang wusananipun nggadahi inisiatif paring pitulungan, ngutus AbdiNipun. Panjenengan-Ipun badhe paring piwales tumrap sinten kemawon ingkang nindakaken prakawis awon, prakawis ingkang ndadosaken piala ing ngarsa-Nipun, lan paring kawilujengan tumrap tiyang ingkang nggadahi raos ajrih asih dhumateng Panjenengan-Ipun. Kristus punika dados solusi saking prakawis perbudakan dosa lan ancaman bebendu-Nipun.
Sikap kita ngresiki rereged/dosa, mbokmanawi kados ta si bapak wonten ing ilustrasi punika. Ingkang kita resiki namung perangan njawi, lajeng kita nglirwakaken/ mboten peduli perangan ing lebet. Pamanggih kita kanthi seken paladosan, seken ngabekti, seken maos kitab suci, saged ngresiki sadaya dosa. Sejatosipun punika kemawon mboten cekap. Mangga sami nggatosaken perangan ing lebet, inggih punika manah kita, kita niti priksa. Kanthi andhap asoring manah mangga sami nelangsani sadaya dosa kita ing ngarsa-Nipun. Kados ta Yesaya ingkang ngakeni dosanipun piyambak, dosanipun umat, nyuwun pangapunten ing ngarsa-Nipun Sang Kristus. Gusti mberkahi. Amin. (YEW).
“Dalam penyesalan, ada janji untuk menjadi pribadi lebih baik, dan tidak akan mengulangi kesalahan yang sama”