Intervensi-nipun Gusti Allah Pancaran Air Hidup 23 Juni 2021

23 June 2021

Waosan: Yusak 10 : 1 – 15 | Pamuji: KPJ. 146 : 1, 2
Nats:
“Srengenge tumuli mandheg, lan rembulan uga ora mingsed, nganti tumeka sarampunge wong Israel anggone males nempuh marang mungsuhe.” (Ayat 13a).

Intervensi menika artosipun melu-melu, cawe-cawe, utawi campur tangan. Rikala kula nyerat renungan menika, kita saweg ngalami pageblug Covid-19, inggih menika wabah ingkang nulari sesarengan ing pundi-pundi panggenan, nglimputi daerah ingkang jembar. Kita sedaya ngalami swasana ingkang boten gampil. Kita ngadhepi problem ingkang sami, inggih menika pagebluk Covid-19. Maneka warni sikapipun manungsa anggenipun ngadhepi pageblug Covid-19 menika, wonten ingkang kumendel, nggampangke, ajrih, nggrundel, nglokro, putus asa, lsp.

Sanesipun sikap ingkang negatif menika wonten kalih conto sikap positif, tiyang ngadepi pageblug Covid-19, inggih menika:

  1. Salah satunggiling penyanyi nglairaken pengalamanipun : Amarga aku ora lunga menyang ngendi-endi, dadine aku duwe wektu luwih akeh kanggo berefleksi. Terus aku sadar, akeh wong sing kahanane uga susah. Akhire aku gumregah mbantu sarana modhal lan kreativitas sing dak duweni. Saiki aku isa luwih saos sokur. Iki pancen wektu sing temen-temen ngowahi urip.”
  2. Ngasah raos empati, mekaten ingkang dipun ucapaken dening satunggiling pemain harpa. Piyambakipun gadhah pamanggih : “Prekawis ingkang aji yaiku duwe wektu kanggo refleksi marang dhiri pribadhi, mbenakake dhiri supaya luwih becik. Pranyata aku duwe bakat sing terpendam, ya kuwi masak. Sasuwene pandemi, gaweyanku masak lan dodol sacara online masakanku iku.”

Kangge kula pribadi, Pagebluk Covid-19 mboten namung dhatengaken penyakit ananging ugi dhatengaken pangertosan bilih sejatosipun Gusti Allah nggulawenthah kita.

Ing satengahing perang ngadhepi gangsal Prabu saking Yerusalem, Hebron, Yarmut, Lakhis, lan Eglon, Gusti Allah maringi pitulungan dhateng Senapati Yusak kanthi cara: Srengenge tumuli mandheg, lan rembulan uga ora mingsed, nganti tumeka sarampunge wong Israel anggone males nempuh marang mungsuhe.” (ayat 13a). Tegesipun, Gusti Allah maringi wekdal ingkang langkung longgar lan padhang dhateng Senapati Yusak kangge ngrampungaken tugasipun lan ngawonaken mengsahipun. Kitab Suci paring paseksi intervensi-nipun Gusti Allah dhateng umatipun ugi dhateng kita kanthi mukjijatipun. Mangga sami pasrah dhateng Gusti! (Esha).

“Aja semplah ing manah, pasraha mring Allah nyuwun kiyat”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak