Waosan : Wahyu 2 : 8 – 11 | Pamuji : KPJ. 120
Nats: “Sira disetya tuhu nganti tumekaning pati, temah Sun ganjar makutaning kauripan” (Ay. 10c)
Kita sedaya ingkang sampun dados warga dewasa nate nglampahi lan nampi peladosan sidi utawi luwar tanggung. Punapa panjenengan taksih enget kaliyan janji panjenengan? Salah satunggaling pitakenan rikala sidi nggih punika, “Punapa janji badhe dados pandherekipun Sang Kristus ingkang setya wonten ing pigesangan sadinten-dinten?” Wangsulan kita inggih punika ”Inggih kawula janji”. Sampun ngantos kita kesupen kaliyan janji ingkang sampun kaaturaken. Wonten pangunen-unen bilih janji punika sami kaliyan utang, ingkang kedah dipunlunasi, ingkang ateges bilih janji punika kedah dipunlampahi lan kawujudaken ing pigesangan kita sadinten-dinten.
Ing dinten punika kita dipunengetaken supados kita tansah setya dumateng Gusti. Kados dhawuhipun,“Sira disetya tuhu nganti tumekaning pati, temah Sun ganjar makutaning kauripan” (ayat 10c). Sadangunipun gesang ngatos pejah kita kaajak sami mbudidaya supados saged kiyat ing iman kapitadosan dhumateng Gusti Yesus Kristus. Sampun ngatos nglerwakaken janji punika. Pancen mboten gampil mujudaken janji punika, langkung-langkung wonten panggodha ingkang asring kita adhepi, awrat saget. Kathah sanget kedadosan para umat kagunganipun Gusti ingkang mboten saged nglampahi janji lan nilaraken iman kapitadosanipun. Saestu punika dadosaken perkawis ingkang mrihatosaken sanget.
Panggodha pancen kathah lan awrat, nanging mboten ateges kita mboten saged ngawonaken panggoda. Kanthi tekad lan semangat wonten ing Gusti Yesus Kristus kita saged ngawonaken panggodha. Sampun ngantos getun, awit menawi nilaraken Gusti Yesus Kristus, kita mboten pikantuk ganjaran. Ganjaran ingkang badhe kita tampi menawi setya dhumateng Gusti Yesus inggih punika makuthaning gesang utawi gesang ingkang langgeng. Sumangga kanthi niat lan tekat ingkang tulus, kita netepi punapa ingkang sampun dados janji kita dateng Gusti. Kanthi kasetyan lan manah ingkang tumuju dateng Gusti dadosaken kita umat ingkang binerkahan dening Gusti. (SWT)
“Kula setya ing janji lan tansah ndherek Gusti”