Waosan: Lelakone Para Rasul 20 : 17 – 38 | Pamuji: KPJ. 299
Nats: “Kabeh wus dakcaritakake lan dakwulangake marang kowe, ana ing ngarepe wong akeh utawa ana ing pakumpulan-pakumpulan ing omahmu.” (Ayat 20b)
Saben tiyang gesang tamtu ngajeng-ajeng gesangipun kebak sukabingah. Kita tamtu satuhu bilih sukabingah punika mboten namung kita raosaken nalika kita alit kemawon, nanging ugi saged kita raosaken ngantos wekdal sapunika, ing yuswa dewasa lan sepuh. Kanggenipun sawetawis tiyang, kabingahan punika saged dipun ukur mawi ukuran sepinten piyambakipun punika kagungan bandha, jabatan, lan panguwaos. Nanging kangge kita minangka para pandherekipun Gusti, wujuding kabingahan punika saged kita panggihaken salebeting patunggilan kita kaliyan Sang Kristus.
Saking waosan kita punika, kita sumerep semangatipun rasul Paulus nalika medharaken pawartos kabingahan kanthi sukarena. Rasul Paulus ngendika: ”Sabab aku ora nglirwakake ing bab martakake karsaning Allah kabeh marang kowe.” (Ay. 27). Pangandika punika ngengetaken kita bilih kabingahan punika karaosaken dening tiyang ingkang nglantaraken sih katresnan Gusti Allah dhateng sesaminipun. Nalika kita dados pribadi ingkang dewasa, kita kedah nglajengaken semangatipun Rasul Paulus kangge martosaken pakaryanipun Gusti salebeting gesang kita. Mbok menawi wonten saking kita ingkang nandang pacoban lan kasisahan, lumantar pangandikanipun Gusti wekdal punika, kita dipun ajak nliti priksa prastawa wigati ing gesang kita. Kita sami nggalih prastawa punapa kemawon ingkang dadosaken ing gesang kita ngraosaken sukabingah. Saking ngriku kita badhe mangertos sih rahmat lan sih katresnanipun Gusti Allah punika nyata ing salebeting gesang kita. Kita pitados sedaya panandhang gesang kita punika dadosaken kita kiyat lan tuwuh sansaya dewasa.
Lumantar Sabdan-Ipun Gusti dinten punika, kita angsal pangertosan bilih gesang ingkang bener, inggih punika kita sedya martosaken Injilipun Gusti. Karana punika, swawi kita bikak korining manah kita, kita sumadya martosaken katresnan lan sih rahmat-Ipun Gusti dhumateng sesami. Kita ingkang sapunika sampun adi yuswa, mangga kita andhum pengalaman gesang lan sih rahmat-Ipun Gusti dhateng anak-putu kita. Awit saking paseksi kita punika saged dadosaken kita sukabingah. Swawi kita dadosaken gesang kita punika minangka pisungsung kagem Gusti, matemah saben tiyang ingkang pinanggih kaliyan kita saged ngraosaken sukabingah ugi. Amin. [asen].
“Senadayan Yuswa Sepuh, ananging kedah kebak bingah”