Waosan: Mateus 13 : 24 – 30, 36 – 43 | Pamuji: KPJ. 414
Nats: “Cikben padha thukul bebarengan nganti mangsane panen. Ing wektu iku aku bakal tutur marang sing padha derep: Klumpukna dhisik alang-alange lan bentelana, banjur obongen, sawise iku gandume klumpukna ing lumbungku.” (Ayat 30)
Menawi kita ngrembag bab kraton tamtu boten tebih kados dene pamrintahan umumipun. Wonten teritorial, tatanan pamrintahan saha masyarakat ingkang dados peranganipun. Sintena kemawon ingkang lumebet wonten ing wewengkon kraton, tamtu nggadhahi hak saha tanggel jawab ingkang dipun tampeni saha dipun ayahi. Lan sampun dados tugas tanggel jawabipun pamangku kangge ngayomi para rakyatipun.
Kraton Swarga punika sanes prekawis ingkang inggil, ingkang boten saged kagayuh dening manungsa. Gusti Yesus mucal bab Kraton Swarga kanthi pasemon bilih donya ingkang dados gambaran pategalan punika sejatosipun ugi perangan Kratoning Allah (Ay. 38, 41). Artosipun donya punika ugi perangan ingkang dipun ayomi, dipun gatosaken dening Sang Pamangku, Gusti Allah kita. Mengsah boten remen menawi Kratoning Allah tansah ayem tentrem. Mila lajeng ngintun anak-anak jahat ingkang kagambar alang-alang ingkang kasebar. Mbok menawi lajeng wonten pitakenan, “Kenging punapa kok boten langsung dipun babat kemawon saking witipun?” Ing ayat 30, kajawab, “Cekben padha thukul bebarengan nganti mangsane panen”. Saking wangsulan punika sejatosipun Sang Pemangku, sampun nggadhahi tatanan saha kebijakan tumrap gandum saha alang-alang punika. Ing titi mangsa panen, alang-alang (tiyang ingkang duraka, ay. 41) badhe dipun benteli, dipun bong lan kaukum. Dene gandum (tiyang ingkang setya tuhu) dipun kempalaken ing lumbung, pikantuk ganjaran karana kasetyanipun (Ay. 30).
“Para gandum” inggih punika kita para umat ingkang setya. Sampun ngantos kita lena kaliyan gesanging “para alang-alang“. Ingkang kedah kita gatosaken inggih punika laku gesang kita minangka para pitados, boten sisah kepo (pengen weruh, pengen ngerti) dhateng kawontenan tiyang sanes ingkang ketingalipun langkung sae, langkung sukses tinimbang kita, awit punika saged ndadosaken kita malah dhumawah ing sipat iri. “Lha kae wong adoh Gusti kok uripe kepenak?, Wong kae ora tau ngabekti kok rejekine lancar?”. Mangga kita langkung njagi lampah gesang kita sacara pribadi, supados kita saged dados gandum ingkang mentes. Gusti paring pitulungan. Amin. [PKS].
“Aja dadi gandum kang kopong, pungkasane mung padha dibong.”