Andhap Asor Renungan Harian 23 Juli 2020

23 July 2020

Waosan :  1 Korinta 4 : 14 – 20 |   Pamuji :  KPJ. 316
Nats
: “…Ing kono aku bakal nyumurupi, dudu tembunge wong kang kumenthus mau, nanging daya kekuatane.” (Ay. 19B)

Kita asring miring tembung Adigang, Adigung, Adiguna, sapa sira, sapa ingsun. Tegesipun punapa? Tegesipun tiyang ingkang ngegul-ngegulaken kekiyatanipun, panguwaosipun lan kepinteranipun piyambak. Tiyang ingkang anggadahi sifat mekaten punika limrahipun badhe kumalungkung utawi sombong. Adigang inggih punika sifat ingkang ngendelaken kekiyatan badan utawi fisikipun, umpaminipun kados kewan kidang, gesit, lincah plajengipun rikat mboten wonten ingkang nandhingi. Adigung sifat ingkang ngendelaken pangkat, drajat, kaluhuran, trahipun bangsawan. Kados gajah ingkang kiyat mboten wonten ingkang ngawonaken. Adiguna sifat ingkang ngutamakaken kapinteran lan akalipun, umpaminipun kados sawer ketawisipun lemah ananging menawi nyerang bebayani.

Wonten sawetawis tiyang ing pasamuwan Korinta ingkang saweg ketaman raos adigang, adigung, adiguna. Mila Rasul Paulus wonten waosan 1 Korinta 4 : 6-21, ngengetaken pasamuwan kanthi teges. Sampun ngantos wonten tiyang ingkang kumlungkung, ngegungaken setunggal lan setungalipun lajeng ngremehaken lintunipun (ayat 6b). Rasul Paulus ugi nyariosaken bab peladosan ingkang dipun ayahi, dipun poyoki, dipun wewada, dipun benturi sela, kerapan, dipun kunjara, dipun lampahi kanthi sukarena awit ngabaraken Injiling Sang Kristus. Pasamuwan Korinta kasageda nuladani peladosanipun lan sampun rumaos pinter piyambak, kiyat piyambak, luhur piyambak awit rumaos anggadhahi golonganipun piyambak-piyambak (1 Korinta 3 : 1-9). Malah wonten ing Korinta 4 : 19 Rasul Paulus  ingkang ngedekaken Pasamuwan Korinta ugi dipun poyoki lan Paulus nyebat tiyang kalawau kumenthus.

Sumangga para sederek ing salebeting bebrayan agung ing satengahing brayat, patunggilan lan masyarakat kita nebihaken sikap adigang, adigung, adiguna awit patrap gesang mekaten punika badhe nuwuhaken sifat kumalungkung lan ndadosaken kita mboten dados berkah. Sikap andhap asor, ngajeni setunggal lan setunggalipun nuwuhaken gesang kita rukun, lan dadosaken gesang ayem tentrem. (jian)

“Sapa sing andhap asor bakal kaluhurake”

 

Renungan Harian

Renungan Harian Anak