Bacaan: Yeremia 50 : 1-7 I Pamuji: KPK. 82 : 1-2
Nats: “……aja disidhem, kandhakna: Babil wus bedhah, Bathara Bel nandhang wirang, Bathara Merodakh wus nandhang giris. Brahalane padha wirang, para dewane kang nistha padha katempuh ing pagiris.…” (ayat 2)
Wonten buku kanthi judul “Green Spirituality” maringi pemanggih menawi sedaya lelampahan wonten alam donya menika saged lumampah kanthi imbang menawi manungsa ingkang katitahaken minangka citranipun Allah saged ngajeni titah sanesipun. Lumampah ngati-ngati, boten grusa-grusu, lan andhap asor dhateng titah sanesipun.
Kaserat ing buku menika “memadukan kesadaran ekologis dan rohaniah kita. Ini adalah suatu hubungan dengan segala sesuatu di sekitar kita, berdasarkan pengakuan bahwa diri kita sendiri, orang lain, dunia dan alam semesta merupakan pernyataan suci dari energi Ilahi.”
Menawi sedaya titah saged sami ngajeni lan boten meksa pikajengipun piyambak dhateng titah sanesipun, tamtu ing gesang boten wonten raos kumalungkung, menang-menangan lan sipat ala sanesipun.
Waosan kita dinten menika pamecanipun Nabi Yeremia bab bangsa Babel ingkang sampun kawon. Kedadosan menika satunggaling bukti menawi boten wonten ingkang langgeng ing alam donya menika kejawi sih katresnanipun Allah. Nalika samanten, Babel dipunwastani bangsa ingkang paling kiyat lan pilih tanding. Nanging samangke Babel dipunasoraken wonten ngarsaning Allah.
Makaten ugi gesangipun manungsa. Sawetawis wekdal ing ngandhap, nanging ing wekdal lintunipun ing nginggil. Kadosdene roda ingkang munyer. Supados imbang, rodanipun boten risak utawi pecah, lan boten cilaka mila kedah gondhelan punjeripun roda. Punjering roda ing pigesanganipun manungsa menika inggih Sang Yehuwah Gusti Allah kita. Manungsa boten saged namung ngandalaken kekiyatanipun piyambak, nanging kedah tansah gondhelan sih katresnanipun Allah, punjering gesang. Sumangga tansah gondhelan Sih Katresnanipun Allah supados gesang kita imbang boten kawratan ngiwa utawi nengen. (DKR)
“Hidup itu berputar. Jangan terlalu kecewa ketika sedih, jangan terlalu girang ketika bahagia”