Waosan: Lelakone Para Rasul 5 : 33 – 42 | Pamuji: KPJ. 452 : 2
Nats: “Sarta saben dina padha mbacutake anggone memulang ana ing Padaleman suci lan ana ing omah-omah tuwin martakake Injil, kang mratelakake, yen Sang Kristus iku Gusti Yesus.” (Ayat 42)
Wonten unen-unen ingkang mekaten: “Sak akeh-akehe wong ala, mesti ana becik e.” Unen-unen punika nggadahi teges sejatosipun manungsa punika nggadahi sifat-sifat ilahi, inggih punika sifat asih lan tresna. Ananging sifat-sifat ilahi punika asring katutup kaliyan kahanan gesangipun manungsa ingkang awon. Pemanggihipun tiyang Kristen dhateng tiyang Farisi asring mastani tiyang Farisi punika sok suci, karana tiyang Farisi punika misahaken dhiri saking pigesangan limrahipun. Contonipun ndedonga ing pinggir margi. Sejatosipun tiyang Farisi tumindak punika karana pancen gesangipun ngabdi lan manut tatanan Torah ingkang cacahipun ngantos 6.000 tatanan kanthi tliti. Pramila kathah pemanggih ingkang kados mekaten kalawau.
Ing waosan kita dinten punika nedahaken tiyang Farisi ingkang sae lan wicaksana, inggih punika Gamaliel. Nalika semanten para rasul dipun adili wonten ngarsanipun Pradata Agama Yahudi awit saking paseksinipun bab Gusti Yesus. Ing ngriku Gamaliel paring pitulungan dhateng para rasul punika sarana ngengetaken para anggota Pradata Agama Yahudi punika. “Para sadherek Israel, kula aturi sami nggalih-nggalih saestu, punapa ingkang badhe panjenengan tandukaken dhateng tiyang-tiyang punika!” (ay. 35). Saking pambelanipun Gamaliel punika, para rasul ingkang ketangkep lan kaaniaya, lajeng dipun uculaken. Sanajan ngraosaken sangsara, para rasul tansah sukabingah, karana kahanan ingkang mekaten mujudaken tumindak setya tuhu dhumateng Gusti Yesus. Langkung-langkung dados paseksipun Gusti Yesus.
Ing gesang saben dinten, kita asring sesambat “urip saben dina uwes abot, ketambahan manggul salib.” Lumantar waosan dinten punika, sumangga kita tansah pitados bilih awrating gesang punika bakal pikantuk pitulungan saking Gusti Yesus. Sumangga kita nggadahi pemanggih lan iman kados dene para rasul, ing kawontenan ingkang sangsara karana ndherek Gusti Yesus punika nuwuhaken sukabingah awit kita saged dados saksinipun Gusti Yesus. Ing wulan tumitahing jagad punika, sumangga kita niti priksa dhiri kita bilih sedaya manungsa punika sejatosipun kagungan sifat asih lan tresna. Bilih sesami kita punika dereng kados mekaten, kita saged mitulungi piyambakipun. Mangga kita sami dados saksi mujudaken raos asih lan tresna dhateng sesami. Amin. [dea].
“Tiyang ingkang purun manggul salib, bakal ugi ngagem mahkota.”