Waosan : Jabur 62 : 6 – 13 | Pamuji : KPJ. 321
Nats: “He umat, tansah padha kumandela marang Panjenengane, sarasaning atimu sokna ana ing ngarsane, Gusti Allah iku pangayoman kita.” (Ayat 9)
Pancen dinten punika sampun ngancik sasi Januari 2021, nanging mangga Panjenengan sami ngungel pepujian “Dalu Suci” (KPJ. 218). Mugi dinten punika kita taksih saged ngraosaken ayem ingkang tuwuh saking pahargyan Natal. Utawi, malah kosok wangsulanipun ingkang karaosaken taun 2021 punika sansaya kathah prakawis ingkang awrat. Manawi purun jujur, bok manawi kita nate gadhah pepenginan gesang ingkang boten gadhah tanggelan, sadaya sarwa sekeca lan entheng, ingkang wonten namung raos ayem, boten wonten raos ajrih lan kuwatos ing kabetahan gesang. Nanging kasunyatanipun boten wonten gesang ingkang kados makaten.
Waosan dinten punika nyariosaken raos ajrih lan gesang awrat ingkang nate dipun alami dening Dawud (1 Sam. 23:14). Kahanan boten tentrem asring tuwuh ing gesangipun Dawud. Umpaminipun raos boten ayem amargi putranipun Absalom (Jabur 3) ngreridhu ing kraton Israel. Dawud tamtu nyenyuwun gesang ingkang tentrem, kalebet wonten ing kratonipun, griya lan brayatipun. Gusti Allah nyembadani. Wonten ing kahanan punika Dawud saged ngraosaken namung panuntuning Gusti Allah ingkang paring pangluwaran. Dawud ngakeni bilih raos ayem punika dipun tampi saking Gusti, boten saking kakiyatan manungsa ingkang winates (ay. 10). Saklajengipun, ingkang ugi wigati, raos ayem tentrem lan kawilujengan sageda kababar dhateng tiyang kathah. Sampun ngantos raos ayem saking Gusti Allah namung karaosaken piyambakan. Ukara “umat” (ay. 9) gadhah sedya pangajak saking Dawud supados raos tentrem rahayu saged karaosaken tiyang kathah, saged ateges satunggal bangsa ugi satunggal brayat.
Mangga sakpunika kita sakbrayat ngungel pepujian Dalu Suci sesarengan. Kangge nglampahi taun ingkang enggal punika, mangga kita nuwuhaken kapitadosan bilih raos ayem tentrem punika pinangkanipun namung saking Gusti Allah. Langkung malih manawi wekdal kita miwiti taun enggal punika karaosaken awrat, mangga kita tansah emut lan saged ngraosaken ayem ing manah ingkang pinangkanipun namung saking Gusti Allah kemawon. Selajengipun raos ayem kedah ugi karaosaken tiyang ingkang wonten ing sakkiwa tengen kita. (WdK)
“Sakabehing sumelangmu pasrahna marang Panjenengane” (I Petrus 5 : 7)