Wangsul Pancaran Air Hidup 23 Februari 2026

23 February 2026

Waosan : 1 Para Raja 19 : 1 – 8   |  Pamuji : KPJ. 56
Nats :
Sampun semanten kemawon! Sapunika, dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa mulung nyawa kawula, sabab kawula punika boten langkung sae katimbang para leluhur kawula.” (Ayat 4b)

Wangsul utawi wonten ing bahasa Indonesia damel tembung “pulang”, ing KBBI nggadhahi teges: pergi ke rumah atau ke tempat asalnya. Griya punika saged dipun wastani papan panggenan ingkang aman, tentrem, lan damel sadaya tiyang rumaos nyaman. Nalika kita wangsul, kita nggadhahi pangajeng-ajeng bilih wonten ing griya punika, kita saged ngraosaken nyaman lan saged ngasokaken badan kita saking sadaya kegiatan ingkang sampun kelampahan.

Nabi Elia punika salah satunggaling Nabi ingkang nggadhahi tugas ingkang awrat, inggih punika nentang Raja Ahab lan Ratu Izebel ingkang nyembah dewa-dewa Baal. Piyambakipun nglampahi punapa ingkang dados tugas timbalanipun. Sak sampunipun mejahi para nabi Baal, Ratu Izebel ngancem badhe mejahi piyambakipun. Kahanan punika ndadosaken Nabi Elia rumaos ajrih, gesangipun karaos awrat, lan piyambakipun rumaos mboten pantes. Piyambakipun rumaos mboten langkung sae tinimbang para leluhuripun (Ay. 4b). Nabi Elia rumaos sampun sayah. Piyambakipun sambat lan kepengin kondur dhumateng ngarsan-Ipun Gusti Allah. Ananging, Gusti Allah mboten nilar nabi Elia. Lumantar mlaekatipun, Gusti Allah paring katentreman dhateng Nabi Elia. Piyambakipun kaparingan tetedhan ingkang dados tandha bilih Gusti Allah tansah nganthi lan ngrimati Nabi Elia. Gusti Allah dados griya ingkang paring katentreman kangge sinten kemawon ingkang karsa wangsul wonten ing ngarsan-Ipun.

Gesang ingkang kita lampahi punika gesang ingkang kebak bingah lan sisah. Gesang ingkang kita raosaken punika kadang damel kita sesek. Asring kita ngraosaken kawontenan gesang ingkang mboten sae lan awrat kangge nglampahi gesang punika. Ing kahanan ingkang mekaten, mangga kita sesambat dhumateng Gusti. Ing kahanan gesang kita ingkang awrat, nyanggi momotan ugi kecalan pangajeng-ajeng, sumangga kita wangsul ing ngarsan-Ipun Gusti. Kita nyuwun kakiyatan saha pitulungan dhumateng Gusti. Ing mangsa Pra-Paskah punika, mangga kita wangsul dhumateng Gusti. Gusti Allah karsa paring pangluwaran lan katentreman ing manah kita. Amin. [HADS].

“Wangsula! Gusti bakal nyambut kowe.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak