Waosan: Purwaning Dumadi 16 : 1 – 6 | Pamuji: KPJ. 452 : 2
Nats: “Rama Abram banjur ngrawuhi Ibu Hagar, lan iku kelakon ngandhut. Nanging bareng rumangsa yen wus ngandhut, banjur ngremehake bendarane putri.” (Ayat 4)
Kacariosaken ing wekdal sonten, ing satengah brayat, ibu lan anakipun jaler sami pirembagan. Anak jaler punika matur ibunipun: “Bu, kula dipun bully kanca kula, amargi sepatu kula bolong lan kaos kaki kula ketog.” Ibunipun mangsuli: “Wes gak papa le, sing sabar yo, mengko yen bapakmu wes bayaran, ibuk bakal numbasne sepatu sing anyar.” Ujaripun anak: “Dadi anake wong ra duwe iku gak penak, dibully terus lan gak dianggep kancane.” Saking pirembagan punika, kita saged mastani tiyang ingkang sacara ekonomi kirang utawi sekeng punika asring mboten dipun ajeni dening tiyang sanes. Ananging bilih kita titi priksa malih, sejatosipun brayat punika kebak ing katresnan lan pangajeng-ajeng salebeting gesangipun.
Waosan ing wekdal punika nyariosaken Sarai ingkang rumaos gesangipun dipun anggep asor, dipun remehaken dening Hagar, namung karana Hagar saged ngandhut putranipun Abram lan kosokwangsulipun Sara mboten saged ngandhut. Gusti Allah nalika paring panandang ing gesangipun Bapa Abram, Ibu Sara lan Ibu Hagar sejatosipun badhe paring piwulang ingkang sae bab katentreman lan kaadilan, ananging salah dipun mangertosi.
Pranyata gesanging manungsa punika bilih celak kaliyan status, panguwaos lan ekonomi, ingkang asring ndadosaken dhirinipun langkung inggil tinimbang tiyang sanes. Sikep ingkang kados mekaten pancen dados godha lan tantangan sedaya manungsa anggenipun gesang sesrawungan kaliyan tiyang sanes. Mekaten ugi ing gesang kita, punapa kemawon ingkang dados kagungan kita: status, ekonomi, panguwaos, brayat ingkang sampurna, sedaya punika mboten dados jaminan kita saged saos sokur lan andhap asor. Asring kita dados manungsa ingkang gumunggung lan lupa diri. Ing mangsa Pra Paskah punika, sanes status ingkang sae, sanes kawontenan ekonomi ingkang mapan utawi brayat ingkang sampurna ingkang kita beta dhumateng Gusti. Ingkang dipun tampi Gusti Yesus punika manah ingkang andhap asor, ngajeni tiyang sanes, langkung-langkung ngrumaosi karingkihan dhiri, satemah kita saged niti priksa bilih Gusti Allah punika nampi kawontenanipun manungsa ingkang gumantung dhateng Panjenenganipun, sanes gumantung kaliyan kakiyatan dhirinipun piyambak. Amin. [dea].
“Adil punika ukuranipun sanes timbangan, ananging Sih Katresnanipun Allah.”