Kriwikan Dadi Grojogan Pancaran Air Hidup 23 Desember 2024

23 December 2024

Waosan: Purwaning Dumadi 25 : 19 – 28  |  Pamuji: KPJ. 316
Nats: “Rama Iskak iku asih marang Esap, … nanging Ibu Ribkah ngasihi Yakub.” (Ayat 28)

Punapa nate mireng paribasan punika : “Kriwikan dadi grojogan?” Punapa tegesipun? Inggih, paribasan punika saged ateges “prekara cilik isa dadi prakara gedhe tur ngambra-ambra.” Paribasan punika ngengetaken kita supados nggadhahi manah ingkang peka dhumateng prekawis ala ingkang kalampahan. Sampun ngantos dipun umbar lan kepara dados ageng lan dados kaprihatosan.

Memengsahan ing antawisipun Esap lan Yakub punika mboten ujug-ujug nalika diwasa. Ananging, ing waosan dinten punika, sadaya kalawau sampun kawiwitan nalika Rama Iskak lan Ibu Ribkah minangka tiyang sepuhipun sampun dados tuladha ingkang awon bab katresnan. Rama Iskak langkung asih dhateng Esap, lan Ibu Ribkah langkung asih dhateng Yakub. Wonten winih crah ing salebeting brayat punika ingkang kaumbar tuwuh ngrembaka. Wusananipun, kita mangertos bilih brayatipun Rama Iskak ngundhuh wohing pakarti. Putra kembar kekalih punika crah ngantos dados mengsah. Sejatosipun, winih crah punika sampun ketawis nalika Ibu Ribkah ngandhut, bayi kekalih sami suk-sukan wonten ing guwa garbanipun. Emanipun, nalika putra kekalih punika lair lan gesang sesarengan, tansaya ageng crahipun karana tumindak tiyang sepuhipun.

Cariyos punika ndadosaken kita sinau kados pundi ing satengahipun gesang bebrayatan, punapa dene ing pasamuwan punika kita kedah ngupadi kesaenan lumantar tresna asih kanthi tulusing manah. Sageda nandur winih kasaenan, kayekten, lan katentreman lumantar gesang padintenan ingkang dados pakulinan, saengga nalika ing salebeting gesang sesarengan punika wonten winih-winih ingkang dadosaken tatu lan saged murugaken crah, saged kapulihaken malih. Sampun ngantos kita mbaleni tumindakipun Rama Iskak lan Ibu Ribkah ing gesang kita, sae ing gesang bebrayan, pasamuwan, punapa dene ing pasrawungan nalika kita sesambetan kaliyan tiyang sanes. Sumangga kita nulad tumindak sae saking Rama Iskak ingkang ndedonga lan nyenyuwun dhumateng Gusti nalika ngadhepi pambengan (Ay. 21). Lumantar sikep ndendonga kanthi saestu lan tresna kanthi tulusing manah punika, kita mapag pahargyan Natal. Amin. [KRW].

“Sabisa-bisane, aja ninggal tatu, ananging gelara katresnan kang ngilangi tatu.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak