Disabar ing Sadhengah Prahara Renungan Harian 23 Desember 2020

23 December 2020

Waosan : 1 Samuel 2 : 1 – 10 | Pamuji : KPJ. 144 : 1
Nats: “Boten woten ingkang sucinipun nyameni Paduka, margi boten wonten sanesipun kejawi Paduka, lan boten wonten redi parang ingkang kados Gusti Allah kawula”. (Ay. 2)

Hana punika saged kita wastani minangka garwa ingkang prihatos. Amargi karena mandul lajeng piyambakipun dipun wayuh dening Elkana. Kawontenanipun Penina (garwa wayuh) ndandosaken kawontenanipun Hana saya mrihatosaken, amargi Penina anggen ndadosaken Hana duka saestu sanget. Saenipun, Hana boten nguntapaken dukanipun dhateng tiyang ing kiwa tengenipun lan ngudal – udal sumelang lan kuciwanipun dhateng pundi – pundi, nanging namung dhateng Gusti Allah wonten ing pandonga, ingkang ajeg dipun aturaken. Karana temen anggenipun nyeyuwun ing pandonga lajeng Gusti mbikak guwa garbanipun lan wiyos Samuel.

Para sedherek ingkang kinasih, saking ngriku Hana lajeng saged ngraosaken bilih saestu anggen Gusti nggatosaken lan tansah maringi berkah kathah dhumateng piyambakipun. Punika ingkang dados alasanipun Hana ngluhuraken asmanipun Gusti Allah. Boten kendel ing ngriku, putra peparing saking Gusti punika kalebet putra prasetyan ingkang badhe kaginaaken dening Gusti Allah minangka sarana pamujudan saking karsaniPun. Kejawi punika, Hana ngraosaken wonten berkah ingkang saestu ageng tinimbang berkah sanes – sanesipun ingkang sampun dipun tampeni, inggih punika Hana rumaos saya rumaket kaliyan Gusti lan saya wanuh marang Panjenenganipun. Punika katingal saking pandonganipun ing ayat 2, “Boten wonten ingkang sucinipun nyameni Paduka, margi boten wonten sanesipun kejawi Paduka, lan boten wonten redi parang ingkang kados Gusti Allah kawula”. Piyambakipun saestu nyadari bilih namung Gusti Allah ingkang namtokaken kawontenan gesangipun. (Ayat 6-10).

Sumangga sinau saking Ibu Hana, sedaya sumelang lan pasambat sampun ngantos kita udal dhateng pundi – pundi. Cekap dhateng Gusti Allah kemawon. Amargi Gusti Allah punika ingkang dados sumbering berkah. Sumangga kita etang cacahipun berkah ingkang sampun kita tampi, supados kita saged atur panuwun sukur dhateng Gusti Allah. Kula yakin cacahipun berkah langkung kathah tinimbang raos sisah ingkang kita sandhang. Amin (nDrung).

“Rumaket kaliyan Gusti, celak kaliyan berkahiPun”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak