Waosan : Lukas 1 : 46 – 55 | Pamuji : KPJ. 421 : 1, 2
Nats: “Maryam banjur ngucap mangkene, “Nyawaku ngluhurake Pangeran lan atiku bungah marga saka Allah, Juruslametku“ [ay 46-47]
Ing jaman samangke ingkang kebak ing prekawis-prekawis gesang, dadosaken manungsa stress. Kados gesang menika awrat sanget. Sekolahe putra wayah bayaripun larang sanget, listrik mindak, BBM mindak, sayur mindak, tigan mindak lan sanes-sanesipun. Manungsa lajeng kathah ingkang dipun galih. Galihipun awrat dadosaken manungsa mrengut, sambat, tansah sisah lan sapiturutipun. Ingkang gegirisi nalika nebihaken saking Gusti Yesus, nyenyamah lan mboten pitados malih dumateng Gusti.
Gesang punika kebak ing pilihan-pilihan. Kita saged milih bungah lan ugi saged milih gesang ingkang kebak ing kasisahan. Saget milih nggadahi penggalih ingkang awrat lan ugi entheng. Ateges umpamipun kita ngadepi prekawis ingkang awrat, kita saged nggadahi penggalih ingkang sisah lan saged ugi kita tansah bingah, awit kita pitados Gusti Allah mboten badhe nilar kita umatipun. Punika tuladha bilih gesang punika kebak ing pilihan-pililihan kalawau. Menawi kita milih wonten ing penggalih sisah kita lanjeng mrengut, sambat dumateng Gusti lan ugi saget nilaraken Gusti. Ananging menawi kita milih tansah bingah kita saged pasrah sumarah dumateng Gusti, mboten ateges kita mboten galih prekawis ingkang awrat kalawau.
Langkung-langkung ing wulan-wulan kita ngrantos rawuhe Gusti Yesus. Sumangga kita tansah bingah ngluhuraken Asmanipun lan tansah pitados dumateng panggulawenthahipun Gusti Allah dhateng kita sedaya. Kados Maryam ingkang memuji Gusti ing waosan kita ingkang tansah bingah lan ngluhuraken Pangeran. Sinaoso Panjenengane wonten ing kahanan ingkang mboten sae, utawi ngadepi prekawis ingkang awrat, tansah memuji lan bebingah sarta pasrah dumateng Gusti. Kita nggadhahi Gusti Allah wonten ing Yesus Kristus ingkang mboten mendel kemawon, ananging Gusti ingkang tansah makarya, supados sedaya umat ingkang pitados dumateng Panjengane tansah ngraosaken kabingahan, tentrem rahayu. (Syn)
“Bingah lan sisah niku pilhan gesang, monggo kita milih tansah bingah mawon”