Pakaryanipun Gusti Allah Pancaran Air Hidup 23 April 2025

23 April 2025

Waosan: Lukas 24 : 1 – 12  |  Pamuji: KPJ. 198
Nats: “Yagene, dene kowe padha nggoleki Kang Gesang ana ing antarane wong mati? Panjenengane ora ana ing kene, wis wungu.” (Ayat 5-6)

Mbokbilih kita nate mireng ukara, “Hidup itu perjuangan, tapi selebihnya opo jare sing ngecet lombok.” Ukara punika mratelakaken: sepisan, tiyang gesang wonten ing alam donya punika kedah tansah ngupadi, mbudidaya utawi berjuang. Kapindho, tiyang gesang ing donya kedah pitados dhumateng pakaryanipun Gusti Allah ingkang Mahakuwaos. Bab punika dipun tegesaken lantaran ukara “opo jare sing ngecet lombok”. Kamangka kita sami mangertos bilih warninipun lombok wiwit ijo, kuning, ngantos abrit punika kelampahan secara alami. Lah punika ingkang dipun pitadosi minangka pakaryanipun Gusti Allah.

Maryam saking Magdala, Yohana, Maryam ibunipun Yakobus lan tiyang estri sanesipun, ing wanci esuk umun-umun mbudidaya tindhak dhateng pasareanipun Gusti Yesus (Ay. 1). Punika katindhakaken para tiyang estri karana sih katresnanipun dhumateng Gusti Yesus. Ananging, iba kagetipun para tiyang estri kalawau awit sela ingkang ageng sampun kaglimpangaken lan mboten manggihaken layonipun Gusti Yesus, sarta wonten priya kalih ingkang agemanipun mancorong (Ay. 2-4). Ing salebeting raos kaget punika, priya kalih wau paring pangandika, “Yagene, dene kowe padha nggoleki Kang Gesang ana ing antarane wong mati? Panjenengane ora ana ing kene, wis wungu” (Ay. 5-7). Pangandika punika ing pungkasanipun ndadosaken para tiyang estri wau enget kaliyan dhawuhipun Gusti Yesus piyambak. Pangandika punika ugi maringi kakiyatan lan kekendelan kangge para tiyang estri wau nyariosaken pakaryanipun Gusti Allah dhumateng para sakabat sanesipun (Ay. 8-12).

Nglampahi gesang ing alam donya punika, tamtunipun kita sadaya ugi ngadhepi maneka warni kawontenaning gesang, sae punika bingah-sisah, sakit-sehat, kasil-gagal lsp. Kawontenaning gesang ingkang kasebataken wau ing kalamangsanipun nuwuhaken raos ajrih, nglokro, lan kuwatos ing salebeting manah kita. Pramila sumangga kita ngupadi, mbudidaya utawi berjuang ngadepi kawontenaning gesang kala wau. Pitados bilih Gusti Allah tansah paring kekiyatan, kawicaksanan dhateng kita sadaya kangge ngadepi sadaya kawontenaning gesang. Mangga kita sedya nyariosaken pakaryanipun Gusti Allah, inggip punika wungunipun Gusti Yesus Kristus lumantar pikiran, pocapan, tumindhak kita ing sauruting gesang kita, temahan gesang kita punika saged dados sarana kaluhuran asmanipun Gusti Allah. Amin. [G-Mbul].

”Lampahing gesang puniki tan kalis ing pepalang, nanging astanipun Gusti nuntun paring pepadhang.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak