Pituna Pancaran Air Hidup 23 April 2021

23 April 2021

Waosan: Lelakone Para Rasul 4 : 1 – 4 | Pamuji : KPJ. 427 : 1, 2.
Nats:
“Nanging wong kang padha ngrungokake piwulange mau akeh kang manjing pracaya, temahan cacahe wong lanang kira-kira dadi limang ewu.” (Ayat 4).

Pituna menika artosipun karugian. Ing basa Indonesia dipun sebut risiko, artosipun akibat yang kurang menyenangkan (merugikan, membahayakan) dari suatu perbuatan atau tindakan.

Ing waosan menika dipun sebutaken bilih Rasul Petrus lan Rasul Yokanan dipun cepeng lan dipun tahan sebab nyebaraken pawartos : “yen ana ing Gusti Yesus ana patangen saka ing antarane wong mati”. Rasul Petrus lan Rasul Yokanan nampi pituna tumraping pakaryanipun. Wonten tiga kelompok ingkang nyepeng sarta nahan Rasul Petrus lan Rasul Yokanan. (1) Para imam, ingkang gadhah pengaruh khusus lan taksih turunipun imam kepala. (2) Lelurahe jaga baya Padaleman Suci, inggih menika para kepala pengawal ingkang dipun tugasi lan gadhah tanggel jawab bab kaamanan sarta katentremanipun Padaleman Suci. (3) Para tiyang Saduki, inggih menika kelompok ingkang imanipun kiyat bab agami Yahudi sarta ingkang mboten pitados wontenipun patangen saking antawisipun tiyang pejah. Pramila piwulangipun para Rasul menika kaanggep ngganggu lan mbebayani tumraping otoritas para tiyang Saduki minangka guru agami. Para tiyang Saduki menika para pemimpin agami ingkang nggadah panguwaos tumraping laladan Padaleman Suci awit bekerja sama kaliyan Romawi. Pramila gampil nyepeng lan nahan para rasul. Inggih tiga kelompok menika ingkang gadhah rencana nangkep lan nyalib Gusti Yesus ing tembe buri.

Ngabaraken Injil mboten tansah ngadhepi pituna (risiko) dipun tangkep lan dipun tahan/kunjara, ananging kita perlu gadhah kekendelan nampi pituna ing salebeting ngabaraken Injil. Kita perlu kendel lan eklas ngadhepi peteng sarta suremipun pakunjaran yen bab menika malah badhe nuntun 5000 tiyang ing ngarsanipun Sang Kristus. Menapa panjenengan nate ngalami pituna ing salebeting panjenengan dados tiyang Kristen: dipun tolak lan dipun aniaya? Menapa kemawon pituna/risikonipun, kita perlu mangertos yen kita mboten nindakaken menapa-menapa kagem Allah Sang Rama, estunipun gesang kita menika tanpa gina. Amin. (Esha)

“Begja sejati, ngabdi mring Gusti, yeku gesang kang pengaji”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak