Identitas Renungan Harian 23 Agustus 2020

23 August 2020

Waosan : Matius 16 : 13 – 20  |   Pamuji  : KPJ. 103 : 1, 3
Nats
: “Atur wangsulane Simon Petrus: “Paduka punika Sang Kristus, Putraning Allah ingkang gesang!” (Ay. 16)

Tepang kaliyan identitas tiyang kanthi leres punika penting, punapa malih tiyang ingkang nembe kita kenal. Kanthi mangertos identitasipun, kita badhe mangertos tiyang kalawau, sifat lan watakipun kados pundi, tumindak lan pangucapipun kados pundi. Pangertosan kita bab identitas tiyang enggal punika dadosaken kita mboten ragu-ragu malih kaliyan tiyang kalawau. Bilih kita badhe makarya sesarengan, kita pitados lan rumaos bingah saged nyambut damel kaliyan piyambakipun awit kita sampun tepang lan mengertosi piyambakipun.

Para sakabat sampun sawetawis ndherek Gusti Yesus ngabaraken pawartos rahayu ananging dereng sedaya mangertos kanthi saestu sinten Gusti Yesus punika. Katitik saking wangsulanipun para sakabat nalika Gusti Yesus nyuwun pirsa sinten Panjenenganipun. Ing ngriku para sakabat mangsuli, “Wonten ingkang mastani Yokanan Pambaptis, Nabi Elia, Nabi Yeremia utawi salah satunggaling nabi.” (ayat 14). Punika nedahaken bilih para sakabat mboten mangertos identitas Gusti Yesus ingkang sejati. Lajeng Gusti Yesus ngambali pitaken lan katujukaken dhateng Petrus, “Nanging tumraping kowe, Aku iki sapa?” Dipunwangsuli kanthi nengsemaken dening Petrus, “Paduka punika Sang Kristus, Putraning Allah ingkang gesang!” Wangsulan punika ingkang nuwuhaken iman dhateng para sakabat tansaya tepang sinten Gusti Yesus punika sejatosipun.

Kangge kita sedaya, punapa kita sampun tepang kanthi saestu dhateng Gusti Yesus? Kita mboten saged tepang kanthi saestu menawi namung ngandalaken pikiran lan kapinteran kita piyambak. Pikiran kita sacara kamanungsan punika kawates. Kita mboten saged jangkung bab Gusti Yesus bilih kita mboten pitados. Kita saged tepang lan pitados dhateng Gusti Yesus  kanthi leres karana pakaryaning Sang Roh Suci dhateng kita. Gusti Yesus langkung rumiyin nepangaken pakaryan lan panguwaosipun dhateng kita supados kita mangertos bilih Gusti Yesus saestu nresnani dhateng kita. Punapa sampun cekap Gusti Yesus nepangaken asmanipun dhateng kita? Dereng, kita kedah purun nyambeti, kita mbikak manah kita, kita purun dipun agem dados pirantosipun, srana mekaten kita saged mangertos bilih Gusti Yesus punika saestu Sang Kristus, Putraning Allah ingkang gesang. (jian)

“Kita tepang Gusti Yesus awit Panjenenganipun nepangaken Sariranipun langkung rumiyin”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak