Sesambat dhumateng Gusti

Waosan : Ayub 16 : 1 -21 | Pamuji : KPK 121 : 1, 3
Nats: “Sanadyan aku dipoyoki dening mitra-mitraku nanging kalawan nangis mripatku tumenga marang Gusti Allah…” [ayat 20]

Manungsa gesang tamtu ngadhepi mawarni-warni masalah ing gesangipun. Kados masalah ekonomi, bebrayatan, pendamelan, lsp. Tiyang ingkang ngadhepi masalah ekonomi sambat bilih gajinipun boten cekap kangge kabetahan sadinten-dinten. Tiyang ingkang ngadhepi masalah bebrayatan sambat bilih semahipun asring tumindak kasar dhateng piyambakipun, lsp. Tiyang ingkang ngadhepi masalah pendamelan sambat ewetipun pados pendamelan ingkang sae lan cocok. Ingkang sampun nyambut damel ugi sambat awrating pendamelanipun, kados-kados boten nate wonten preinipun. Menawi manungsa sambat menika nedahaken bilih kawontenaning manungsa menika wonten watesipun, kakiyatanipun menika winates.

Ayub anggenipun ngadhepi kasangsaran nate sambat dhateng Gusti Allah. Ayub ingkang waunipun dipun berkahi sarana raja brana ingkang kathah, semah lan putra-putri ingkang rukun. Sedaya kalawau sirna. Sedaya bandha donyanipun telas, putra-putrinipun pejah, semah lan rencangipun sami ndakwa piyambakipun lepat. Ayub ugi nampi penyakit ingkang sanget. Ayub sesambat dhumateng Gusti Allah. Senadyan nampi pacoben ingkang awrat menika, Ayub tetep setya dhateng Gusti, pangakenipun, “sanadyan aku dipoyoki dening mitra-mitraku nanging kalawan nangis mripatku tumenga marang Gusti Allah.” Pangaken menika nedahaken bilih Ayub tetep pitados lan setya dhateng Gusti.

Anggen kita ngadhepi masalah benten-benten, wonten ingkang kiyat ngadhepi sanggining gesang, nanging wonten ingkang semplah. Pramila boten nggumunaken bilih kathah tiyang ingkang sami sesambat. Kados dene Ayub ingkang tansah mandeng dhateng Gusti, mangga kita tansah mandeng Gusti Allah kemawon. Bilih kita rumaos awrat mikul sanggining gesang, lan sambat tumraping kawontenan gesang menika, mangga kita nyuwun kakiyatan lan pitulungan dhateng Gusti. Sacara kamanungsa, kita kawates, ringkih lan asring sesambat. Ananing sarana iman kapitadosan dhateng Gusti Yesus, kita dipun paringi kakiyatan lan pitulungan. Pramila mangga kita tansah nyelak dhateng Gusti ingkang dados sumbering kekiyatan. [AR]

“Dhuh Gusti, kawula pinaringana kakiyatan nyanggi momotaning gesang!”

 

Bagikan Entri Ini: