Babon Renungan Harian 22 Desember 2018

22 December 2018

Waosan : Lukas 13 : 31 – 35  |  Pamuji : KPJ 208
Nats: “….kaya babon anggone nglumpukake kuthuk-kuthuke ana ing sangisore swiwine…..” [ayat 34]

Babon nggadhahi cara kangge paring pangayoman dhateng kuthuk-kuthukipun, rikala wonten peksi garudha ingkang badhe ngancam. Rikala babon mangertos bilih wonten bebaya ingkang ngancam, babon langsung ngempalaken para kuthuk ing sak ngandhapipun swiwi. Kuthuk sami lumebet ing sakngandhapipun satemah uwal saking bebaya. Peksi garudha ingkang badhe mejahi lan nedha kuthuk lajeng mabur. Menawi kuthuk mboten mlebet sakngandhapipun swiwinipun babon, namung wonten ing njawi, kuthuk badhe nampi kacilakan.

Yerusalem kagambaraken kados dene kuthuk, ingkang asring kaancam ing bebaya. Nanging Yerusalem (tiyang Yahudi), ingkang tansah dipun ayomi, dipun tresnani Gusti Allah,  mboten kersa nampi. Para nabi lan para utusanipun Gusti Allah malah dipun sedani lan dipun benturi sela. Gusti Allah anggenipun nresnani mboten namung sepindhah nanging sampun makaping-kaping. Nanging Yerusalem mboten mangertos lan gagal paham tumrap katresnan ingkang dipun paringaken Gusti Allah lantaran para Abdinipun. Satemah gesangipun Yerusalem mboten wonten ewah-ewahanipun, gesangipun tansah  wonten ing pangwasaning dosa, mboten kersa mratobat lan nggega sakpikajengipun piyambak, tebih saking kawilujengan.

Punapa kita ugi kagungan sifat ingkang sami kados Yerusalem? Katresnan saking Gusti tansah wonten ing pigesangan kita. Natal ingkang badhe kita pengeti, punika ngegetaken kita dhateng pangayoman lan katresnanipun Gusti Allah tumrap pigesangan kita. Gusti Allah ingkang manjalma dados manungsa, kersa milujengaken kita. Punapa kita badhe nampik lan mboten kersa nanggepi katresnanipun Gusti punika? Mangga kita tampi katresnan saking Gusti, supados kita tansah pikantuk kawilujengan. Amin. [SWT]

“Gusti nimbali, padha mbagun turuta”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak