Korosi Renungan Harian 22 Agustus 2018

22 August 2018

Waosan : Markus 8: 14-21│ Pamuji: KPK 134
Nats:
’Padha sing awas, padha ngwekanana ragine wong Farisi lan ragine Raja Herodes.’’ (ayat.15)

Ing salebeting pakaryan konstruksi/bangunan, salah satunggal perkawis ingkang tansah dipun tebihi inggih punika perkawis korosi. Korosi kawastanan minangka risaking piranti saking wesi karana proses kimia ingkang ndadosaken teyeng/karaten. Tuwuhipun teyeng ing wesi saged ndadosaken bangunan risak karana kekiyatanipun saged suda. Sanadyan ketingalipun bangunan punika taksih sae lan wetah, ananging ing lebetipun sampun keropos lan sawanci-wanci saged jugrug. Asring lumebetipun teyeng menika boten ketingal lan mawi cara ingkang ketingalanipun sae ananging sejatosipun ala. Teyeng saged dumadosan karana wesi ingkang kenging toya utawi terpapar langsung kaliyan oksigen.

Mekaten ugi ing salebeting gesang. Bebaya korosi iman ugi saged kedadosan. Panguwaosing dosa ingkang kados teyeng/karaten menika saged mlebet ing gesangipun manungsa. Lumebetipun korosi iman mawi margi ingkang ketingalanipun sae ananging nyatanipun saged mbebayani. Lumantar waosan kita, Gusti Yesus paring dhawuh pangandika bilih kita perlu waspada marang kalamisan tiyang Farisi lan Prabu Herodes. Tiyang Farisi kawentar minangka tiyang ingkang wasis ing babagan Kitab Suci lan Prabu Herodes minangka pralambang panguwaos ingkang ageng. Mila kita ugi perlu wicaksana menawi kita nggadhahi kawasisan lan panguwaos. Menawi boten saged nata, perkawis menika  saged njujugaken korosi dhumateng gesang kapitadosan kita.

Ing salebeting wulan pembangunan GKJW menika sumangga mbangun gesang pribadi lan ugi gesang masamuwan klayan nebihaken dhiri saking bebaya korosi iman. Sampun ngantos kita rumaos ingkang paling pinter lan paling nggadahi panguwaos. Malah kosok wangsulipun kita perlu dados pribadi ingkang lembah manah. Awit ingkang mekaten menika ingkang dados karenanipun Gusti. (ADS)

“Aja rumangsa Adigang, Adigung lan Adiguna.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak