Manut Karsanipun Gusti Pancaran Air Hidup 21 September 2026

21 September 2026

Waosan: Purwaning Dumadi 27 : 1 – 29  |  Pamuji: KPJ. 204
Nats: “Gusti Allah bakal maringi kowe ebuning langit lan lemah eloh ing bumi apadene gandum lan anggur kongsi luber-luber.” (Ayat 28)

Wonten gesang kita padintenan tamtu kita nggadhah pangajeng-ajeng lan pepinginan. Kangge mujudaken punapa ingkang dados pangajeng-ajeng kita, kita tamtu nggadhah rencangan supados pangajeng-ajeng kita punika saged kelampahan. Ananging ing kasunyatanipun punapa ingkang sampun kita tata lan rancang punika asring manggihi prekawis ingkang mbuyaraken rancangan punika. Kados ta, kita kepengin nggadhah handphone enggal, sampun nyelengi ananging handphone dereng saged dipun tumbas amargi artanipun telas kangge berobat. Punika ingkang kasebat rancanganipun Gusti mboten sami kaliyan rancanganipun manungsa.

Wonten waosan kita punika ugi mekaten, miturut tata adatipun Esap minangka putra mbajeng ingkang nampi berkah saking Iskak. Ananging ing waosan kita, Yakub adikipun Esap ingkang nampi berkah saking Gusti lumantar Iskak. Cariyos punika bilih kita raosaken mboten adil kanggenipun Esap. Karana Ribkah mrentahaken Yakub supados “ngrebut” berkah putra sulung kagunganipun Esap. Ananging bilih kita waos sacara utuh, punapa ingkang kelampahan ing waosan kita dados rancanganipun Gusti Allah. Karana ing Purwaning Dumadi 25:23, Gusti Allah sampun dawuh dhateng Iskak ing wanci Iskak ndedonga dhumateng Gusti. Lan ing cariyos sakderengipun, Esap ugi sampun maringaken hak sulungipun dhateng Yakub. Dados punapa ingkang kelampahan ing waosan kita sampun dados rancangan saking Gusti. Sanadyan kita raosaken mboten pas, marginipun berkah punika mboten miturut raos kamanungsan kita. Bilih Gusti sampun netepaken margi ingkang mekaten, sadaya saged dados margining berkah.

Ing lampah gesang kita sanadyan kita asring kuciwa karana pangajeng-ajeng kita mboten sami kaliyan kasunyatan ingkang kelampahan, kita kedah pitados bilih sadaya punika margining Gusti ingkang endah kangge kita. Kados tiyang Jawi bilih nampi musibah taksih saged nemu pangraos “untung”, kados sakit, untung namung sakit, dawah, untung taksih saged tangi. Mekaten ugi nalika kita manggihi prekawis ingkang mboten sami kaliyan pangajeng-ajeng, pikiran, lan rancangan kita, saged ugi punika wujud margining Gusti mberkahi kita. Mangga kita sami manut dhateng karsanipun Gusti ingkang nuntun kita ing kawilujengan. Amin. [BWP].

“Rancangan ira dudu rancananingSun; dalanira dudu marginingSun.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak