Waosan: Jabur 54 : 1 – 9 | Pamuji: KPJ. 106
Nats: “Satemene Gusti Allah iku kang mitulungi aku; Pangeran iku kang ngemong uripku.” (Ayat 6)
Pak Kris : “Bu ndita, kula pengen nguda rasa dhateng panjenengan.”
Bu Ndhita : “Lha nggih mangga pak.”
Pak Kris : “Pripun nggih bu, sedaya ingkang kalampahan ing gesang kula karaos awrat sanget, kahanan kabetahan gesang bab ekonomi sarwa kurang, badan kula tansaya ringkih lan gampang sakit. Ibune lare-lare nggih saben dinten sambat lan uring-uringan, lah ditambah kalawingi nampi surat saking sekolah awit putra kula punika lumebet siswa ingkang kedah mempeng anggenipun sinau supados saged lulus, menawi mboten saged mempeng sinau dipun suwun pindhah sekolah kemawon. Kathah sanget lan saestu awrat sanget bu.”
Bu Ndhita : “Lajeng punapa ingkang panjenengan kersakaken pak?”
Pak Kris : “Kula namung kepengen panjenengan dhawuh lumantar sabda suci bu, supados kawula saged tatag anggen nglampahi kahanan ingkang saestu awrat punika.”
Bu Ndhita : “Bapak, sedaya ingkang dipun keparengaken kalampahan ing gesang panjenengan punika saestu Gusti mirsani. Lan minangka pandherekipun Gusti, saestu kita dipun suwun supados ngugemi bilih Gusti punika saestu mboten negakaken panjenengan lan brayat panjenengan! Sacara manungsa, raos semplah, kuciwa, sedhih, asring kita alami ing pigesangan – punika lumrah!
Sesambetan kaliyan punapa ingkang panjenengan alami, kula kemutan kaliyan lampah gesanging Dawud! Ing Jabur 54:1-9 – kacariosaken bilih Daud ugi ngalami momotan lan kahanan ingkang sarwa awrat, awit Saul tansah ngoyak lan kepengen mejahi Daud. Panjenengan saged ngraosaken kados pundi kahananipun Dawud, tamtu wonten raos ajrih, kuatos, sarwa was-was ingkang dipun alami. Ananging ingkang saestu dados bab ingkang kedah dipun sinaoni: Dawud mboten kecalan Gusti. Ing satengah kahanan ingkang awrat lan winates kalawau, Dawud sujud nyenyuwun ing ngarsanipun Gusti, awit Dawud pitados bilih Gusti punika etuking pitulungan, lan Gusti punika ingkang dados uwiting karosan (Ay. 6).
Kula pribadi sinau, lumantar cariyos panjenengan lan ugi lampah gesangipun Dawud, asring Gusti ngeparengaken bab awrat punika kalampahan, wujud Gusti nyawisaken kita supados saged tuwuh tansaya dewasa ing babagan iman ing ngarsan-Ipun.
Pak Kris : “Bu, saestu adhem raos ing manah kawula, saestu matur nuwun awit pitedah lumantar sabda suci ingkang kaparingaken, Gusti mberkahi peladosan panjenengan.”
Bu Ndhita : “Tansah pitados pak, Gusti iku uwiting karosanku”. Amin. [ven]