Waosan: 1 Samuel 8 : 1 – 18 | Pamuji: KPJ. 339
Nats:”Nanging putrane iku tindak-tanduke ora kaya ramane, mburu kauntungan, nampani besel, lan ndhoyongake pangadilan.” (Ayat 3)
Boten wonten tiyang ing donya punika ingkang boten karenan dhateng bedhamen/ perdamaian. Sadaya tiyang ngangkah bab perdamaian. Ananging pancen kedah dipun titi priksa kanthi saestu: “Bedhamen ingkang kados punapa ingkang sami dipun angkah dening manungsa?” Awit, kathah tiyang ingkang namung ngupaya bedhamen kangge dhirinipun pribadi. Sarupining pangupaya bedhamen punika asring nuntun tiyang dhateng bedhamen ingkang winates karaosaken pribadi, kadosta: bandha donya, piknik, healing, lan sapiturutipun. Pancen boten lepat menawi tiyang rumaos kedah nresnani dhirinipun mawi maneka warni prakawis ingkang ndadosaken dhirinipun bingah tanpa ngganggu utawi ngrusuhi gesangipun tiyang sanes. Ananging menawi kados makaten kahananipun, punika malah ndadosaken tiyang sansaya kecalan raos peduli dhateng sesami? Temahan, bedhamen ingkang ginayuh sanes sejatining bedhamen, ananging palsu lan semu. Menawi sansaya kathah ingkang kecalan raos peduli, sansaya dangu sanes bedhamen ingkang ingkang kaupaya, nanging kasenengan lan kenyamanan dhiri pribadi.
Yoel lan Abia, putranipun Nabi Samuel ingkang dipun angkat minangka hakimipun Israel, babar pisan tebih saking ngupaya sumrambahing bedhamen. Minangka pangarsaning umat, tindak-tandukipun boten laras kaliyan karsaning Gusti. Ingkang katindakaken namung mburu kauntungan pribadi lan ndadosaken dhoyonging kaadilan. Yoel lan Abia ingkang dipun pitados minangka talanging bedhamen, malah dhumawah ing salebeting tumindak ingkang mburu kasenengan lan kenyamanan dhiri pribadi. Tumindakipun dados pepalang tumrap karahayon-Ipun Gusti Allah ingkang kedah katampi dening sagung umat, awit sampun kecalan raos peduli.
Kita dipun pitados lan dipun utus dening Gusti supados sami andum bedhamen. Kita kaparingan hak, kathah wekdal, saha papan supados ngupaya bedhamen pribadi awujud bandha donya, piknik, healing, lan sapiturutipun. Ananging sumangga sadaya punika kita jangkepi kalawan raos peduli dhateng sesami. Awit bedhamen ingkang kita tampi saking Gusti kedah nyumrambah dhateng sakiwa-tengen kita. Tanpa raos peduli, kita saged dhawah ing tumindak ingkang mburu kasenengan lan kenyamanan pribadi. Ateges, kita boten dados talang ananging dados pepalang. Amin. [adx]
”Pepalang tumrap sumrambahing bedhamen, asesumber saking srakahing dhiri tumrap kasenengan lan kenyamanan pribadi.”