Pamer Pancaran Air Hidup 21 Oktober 2022

21 October 2022

Waosan: Yeremia 9 : 17 – 26 | Pamuji : KPJ. 427
Nats:Wong kang wicaksana aja ngendel-endelake kawicaksanane, wong rosa aja mamerake karosane, wong sugih aja ngegung-egungake kasugihane, …” (Ayat 23)

Kacarios ing satunggaling desa, wonten satunggal brayat ingkang sugih. Brayat punika asring mameraken kasugihanipun. Sauger kagungan barang ingkang enggal mesthi brayat punika nyariosaken dhateng tanggi tepalihipun. Ing salah satunggaling dinten, brayat punika mameraken artanipun ingkang kathah awit nembe nyade lembu. Dalunipun brayat punika geger, nyuwun tulung dhateng tanggi tepalihipun awit nembe kemawon kerampokan. Sadaya arta lan bandanipun telas dipun rampok. Sak punika brayat punika boten saged pamer kasugihanipun malih.

Mameraken utawi ngegung-egungaken punapa kemawon ingkang kita gadahi, sak estu boten sae. Punika boten dados keparengipun Gusti, kados dene pangandikanipun Gusti ing nats kita. Lajeng punapa kita boten kepareng bingah lan mameraken awit saking kawicaksanan, kapinteran, kaprigelan, keberhasilan, lan kasugihan kita? Raos bingah punika mboten lepat, malah saged ndadosaken tambahing semangat lan sehat ing saklebeting gesang kita. Ananging menawi raos punika kalangkung ageng, saged ndadosaken kita gumunggung lan malah ngrugekaken sesami lan kita piyambak, kados dene carios tiyang sugih ing nginggil. Punika ingkang dados alasanipun kenging punapa kita boten pareng mameraken utawi ngegung-egungaken samukawis gadahan kita.

Manungsa punika katitahaken dening Gusti Allah dados makhluk sosial, artosipun gesanging manungsa punika mesthi mbetahaken tiyang sanesipun. Sampun dados kodratipun manungsa punika kedah asih darma, tulung-tinulung dhateng sesami. Menawi kita sugih, sae punika sugih kawicaksanan, sugih karosan, utawi sugih bondo, mangga kita saged ginaaken sadaya punika kanthi cara tresna, adil, lan leres, tanpa mbenten-bentenaken. Contonipun: manawi kita sugih bondho kita saged ngginakaken kasugihan kita kangge nulungi tanggi tepalih ingkang kekirangan. Menawi kita sugih kawicaksanan, kita saged ngginakaken kawicaksanan kita kangge ngudari karuwetaning masalahipun sesami. Kanthi makaten kita saged mameraken gadahan kita tanpa nyidrani manah sesami kita lan saged ndadosaken keparenging galihipun Gusti. Amin. [SW].

Padha tulung-tinulungana ing bot-repot! Iya kaya mangkono iku anggonmu netepi ing angger-anggering Sang Kristus” (Gal. 6:2)

Renungan Harian

Renungan Harian Anak