Ngajeni Liyan Jalari Katentreman Pancaran Air Hidup 21 Oktober 2021

21 October 2021

Waosan: Ibrani 7 : 1 – 10 ǀ Pamuji: KPJ. 352 : 1
Nats:Rama Abraham uga nyaosake saprasapuluhe samubarang marang panjenengane. Manut tegese asma Melkisedhek iku sapisan ateges ratuning kaadilan, sarta uga ratu ing Salem, yaiku ratuning tentrem-rahayu.” (Ayat 2)

Megalomania punika salah satunggal syndrom narsistik, ing pundi tiyang punika ngrumaosi dhirinipun langkung unggul lan misuwur tinimbang liyan. Syndrom punika kagolong penyakit jiwa, ing pundi tiyang punika remen pangalembana, remen pangaken, asring ngasoraken tiyang sanes, sarta boten purun dipun kritik. Tiyang ingkang asring ngalami syndrom Megalomania punika tiyang ingkang nggadhahi jabatan inggil, senadyan boten sedaya tiyang ngalami. Wonten prekawis ingkang wigati ing ngriki, manungsa kedah saged ngendaleni dhirinipun piyambak supados boten gampil kagodha lajeng ngalami syndrom Megalomania punika.

Waosan kita nyariosaken Melkisedhek kepanggih rama Abraham. Melkisedek punika Ratuning Salem ingkang sinebut ratuning kaadilan lan tentrem rahayu (ay. 2). Ing satengahing pepanggihan punika, kekalihipun sami ngajeni kanthi urmat. Melkisedhek tindak methukaken sarta mberkahi Rama Abraham, lajeng Rama Abraham kanthi raos bingah, nyaosaken saprasapuluhe minangka pratanda saos sokur dhateng Melkisedek. Senadyan ta kekalihipun kawastanan panggedhenipun umat Israel, nanging kekalihe boten keblinger lan ngalami syndrome Megalomania, malah Rama Abraham saha Melkisedek, purun sami ngajeni lan ngurmati kanthi lembahing manah.

Manungsa punika gadhahi sikap egois, boten purun ngalah, pengin dipun ajeni lan urmati. Ing bab-bab ingkang kados mekaten punika kit akedah waspada. Katentreman ing alam donya punika saged kagayuh nalika umat manungsa sami ngajeni lan ngurmati satunggal lan sanesipun tanpa mandeng jabatan, asal usul, lan masa lalunipun. Mekaten ugi ing satengahing pasamuwan-pasamuwan kagunganipun Gusti. Greja ing salumahing bumi kedah tebih saking syndrome Megalomania. Greja kedah purun rangkul-rinangkulan, ngajeni, ngrumati satunggal lan sanesipun supados pakaryanipun Gusti ing alam donya tansah kelampahan lan sumrambah. Pramila sumangga, kita sami mangun gesang ekumene ingkang rumaket, ingkang mawujud kanthi ngajeni sarta ngurmati greja satunggal lan sanesipun. Amin. [mojo].

 “Sing sapa kepingin kajen kudu bisa ngajeni liyan”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak