Marai Nesu Renungan Harian 21 Oktober 2018

21 October 2018

Waosan : Markus 10 : 35 – 45  |  Pamuji : KPJ 357
Nats: “Bareng para rasul sepuluh liyané padha krungu aturé Rasul Yakobus lan Rasul Yohanes marang Gusti Yésus mau, nuli padha nepsu marang wong loro mau.” [ayat 41]

“Kebangeten, kebacut aliyas keterlaluan Rasul Yakobus lan Yohanes iku. Mosok ndherek Gusti Yesus kok nduweni pamrih, ngarep-arep kalungguhan dhuwur, yaiku dadi pangapite Gusti Yesus selaku Raja. Gek olehe kepengin antuk kalungguhan nganti ditekati nyuwun terang-terangan nyang Gusti Yesus. Wong loro iku pancen klebu nekat lan ketoke ora nduwe isin, sebab olehe njaluk kalungguhan dhuwur iku dilakoni ning ngarepe para rasul liyane. Mesthi wae kekarepane rasul loro iku marai rasul-rasul liyane nesu. Mbok menawa rasul loro iku ora nyadhari utawa malah ora perduli yen kekarepane mau marai wong liya nesu. Ora jelas sih… kenapa para rasul liyane nesu? Mungkin merga nganggep rasul loro iku kebangeten. Tapi bisa uga sih… merga rasul 10 liyane rumangsa kedhisikan, sebab kabeh ya padha nduweni kekarepan sing padha, yaiku kepengin antuk kalungguhan dhuwur ning sisihe Gusti Yesus. Mula saka iku Gusti Yesus banjur nuturi para rasul kabeh bab piye carane yen kepengin antuk kalungguhan luhur, yaiku kudu gelem dadi abdi utawa batur tumrap wong liya.”

“Nek tak pikir-pikir, ndherek Gusti Yesus iku berarti kudu tulus tenan, ora oleh nduweni pamrih apa-apa. Mesthine ya ngono uga yen nindakake pakaryane Gusti utawa nindakake pelayanan kanggo pakaryane Gusti. Kudu tulus. Ngajap kalungguhan ora pareng. Iki berarti mesthine ngajap berkah utawa rejeki gedhe ya ora pareng. Anggonku ndherek Gusti Yesus, anggonku nindakake pelayanan kanggo pakaryane Gusti kudune ora nduweni kekarepan kang ora prayoga kaya ngono iku… Ya wis… ora apa-apa, wong Gusti wis nyawisake berkah kagem para abdine. Kabeh pendherek lan abdine mesthi diberkahi.”

“Dhuh Gusti, mugi Paduka tansah nuntun lan paring kakiyatan dhateng kawula srana pakaryaning Roh Suci, supados anggen kawula ndherek Paduka lan lelados, kawula lampahi kanthi tulusing manah, supados sampun ngantos murugaken pasulayan, nanging mugi nuwuhna karukunan lan kabingahan.” [st]

“Kekarepan kang ora becik marakke serik.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak