Waosan: 1 Tesalonika 5 : 12 – 18 | Pamuji: KPJ. 362
Nats: ”Eling-elingen, aja nganti ana wong kang males ala marang wong kang gawe piala, nanging tansah padha ngudia marang kabecikan, iya tumrap para sadulur, iya tumrap wong kabeh.” (Ayat 15).
Sakathahing laku budaya ingkang cinipta ing bumi punika tamtu sami ngupaya endah-tentreming donya lumantar laku pigesangan ingkang sae. Kalebet ugi budaya Jawi kanthi sesanti memayu hayuning bawana. Maneka warni prekawis katindakaken supados hayuning bawana saged ginayuh. Salah satunggalipun inggih punika kanthi nebihaken dhiri saking pepadu. Laku punika sanes tumindak ingkang asipat pasif, ananging aktif. Amargi, srana nebihaken dhiri saking pepadu, tiyang langkung fokus ngupaya nindakaken samukawis kabecikan, tinimbang nandukaken piala.
Reraosan punika kaserat ing seratipun Rasul Paulus dhumateng pasamuwan ing Tesalonika minangka pepeling. Pasamuwan Tesalonika sineksenan estu sae ing bab imanipun dhumateng Gusti Yesus. Samukawis panggawe becik tansah katindakaken minangka katetepaning iman. Ananging, Rasul Paulus paring pamawas supados pasamuwan Tesalonika tansah jumaga ing bab piala ingkang sawanci-wanci saged nggoyahaken iman. Pramila, Rasul Paulus paring pepeling: “Aja males ala marang wong kang gawe piala, nanging tansah ngudia marang kabecikan!” Pepeling punika estunipun pangatag dhateng pasamuwan Tesalonika supados imanipun tansah kaenggalaken. Pasamuwan Tesalonika kaajak supados boten netepi hukum mata ganti mata (ala males piala), ananging sami ngantepaken imanipun sarana angger-angger katresnan. Kanthi makaten, pasamuwan Tesalonika saged langkung fokus ngupaya nindakaken samukawis kabecikan tinimbang fokus ngrancang piala lan balas dendam. Angkahipun, laku pigesangan ingkang kados makaten punika saged ngoyod dados pakulinan saha budaya ingkang sae ing satengahing gesang pasamuwan Tesalonika. Satemah, pasamuwan Tesalonika sansaya ngantepi saha ngukuhaken imanipun ing Gusti Yesus.
Kita minangka perangan saking pasamuwanipun Gusti ugi kaatag kados dene pasamuwan Tesalonika, inggih punika nebihaken dhiri saking pepadu, saged nuwuhaken pakulinan boten males ala dhateng tiyang ingkang damel piala. Temahan ugi, kita nggadhahi pakulinan langkung fokus nindakaken kabecikan tinimbang ngrancang piala. Kanthi makaten, sansaya kathah kabecikan ingkang kita tindakaken, sansaya ndadosaken endah lan tentreming gesang kita. Amin. [aan].
“Hayuning bawana gumantung ing sapinten kabecikan ingkang katindakaken dening sagung tiyang.”