Waosan: Lukas 10 : 25 – 28 | Pamuji: KPJ. 176
Nats: “Guru, punapa ingkang kedah kula lampahi, amrih kula angsal gesang langgeng?” (Ayat 25b)
Dinten punika, kita gesang wonten ing kahanan ingkang sakedhik kathahipun informasi saged dipun-gayuh kanthi gampang, kanthi maneka warna versi. Menawi kita kepengin mangertosi bab tartamtu, kita saged mbikak situs google, lan maneka informasi ingkang kita betahaken saged kepanggih. Langkung malih, sanes ing watesan jam utawi menit, nanging ing watesan detik kemawon. Contonipun: kita kepengin nglampahi pola gesang sehat, lajeng kita madosi caranipun. Cepet saged dipun panggihaken. Menawi kita kepengin mangertosi informasi babagan dados pribadi ingkang wicaksana, kathah cara ingkang dipun-tampilaken wonten ing informasi digital punika. Nanging, pitakenanipun, menawi sadaya kemudahan informasi punika, sasampunipun kita gayuh, punapa saged enggal kita nglampahi? Dereng tamtu. Ingkang asring kedadosan malah kekathahen informasi dumugi, kita mboten saged mujudaken satunggal kemawon. Saking ngriki kita saged mangertosi bilih nggayuh informasi ingkang migunani punika sae, nanging langkung sae malih menawi kita saged nindakaken.
Wonten ing pasinaon Sabdanipun Gusti dinten punika, Gusti Yesus dipun adhepaken kaliyan satunggaling ahli Toret ingkang atur pitakenan kangge nyobo Gusti Yesus, inggih punika babagan kados pundi caranipun nggayuh gesang langgeng. Nanging, sanes kanthi langsung mangsuli pitakenan punika kanthi panjelasan, Gusti Yesus malah atur wangsul bab punapa ingkang kaserat wonten ing hukum Toret punika. Sasampunipun, ahli Toret punika mangsuli babagan kahanan kedah nresnani Gusti Allah lan sesami. Lajeng Gusti Yesus ngengetaken para ahli Torah punika supados nindakaken punapa ingkang sampun kaserat punika.
Saking pepanggihan antawisipun Gusti Yesus lan ahli Toret punika, kita dipun-panggihaken bab wigatosipun tumindak minangka wujud pangertosan lan penghayatan iman kita. Saged dipun upamakaken kados lare ingkang mirengaken lan sarujuk kaliyan piwucal saking tiyang sepuhipun, nanging mboten nate dipun tindakaken, piwulang punika dados muspra lan mboten wonten gunanipun. Mila saking punika, kita minangka umatipun Gusti ingkang sampun nampi pangertosan bab Gusti Yesus minangka Juruwilujeng, sumangga kita mujudaken piwucalipun Gusti Yesus punika wonten ing lampah gesang kita. Amin. [dvd].
“Becik saben wong kang bisa nglakoni apa kang dingerteni.”