Waosan: Jabur 67 : 1 – 8 ǀ Pamuji: KPJ. 166
Nats: “Gusti Allah mberkahi kita; salumahing bumi muga ngabektia marang Panjenengane.” (Ayat 8).
Kula pitados bilih panjenengan punika seken anggenipun ndedongo. Nanging pitakenan kula, “Panyuwun punapa ingkang asring wonten ing salebeting pandonga panjenengan?” Inggih tamtu kita nyuwun supados gesang kita tansah dipun berkahi dening Gusti. “Gusti berkahi brayat kula, berkahi pandamelan kula, usaha bisnis kula, berkahi peladosan kula.” Pandonga kados mekaten punika sae-sae kemawon. Nanging menawi kita raosaken isi pandonga punika namung kangge dhiri kita piyambak. Lajeng kados pundi pamanggih Juru Mazmur anggenipun nyeyuwun lan nampi berkah saking Gusti?
Mazmur 67 punika kidung pamuji bangsa Israel wonten ing salebeting pangibadah ing Bait Suci Yerusalem minangka wujud saos sokur lan pangenget bilih Gusti Allah sampun berkahi bangsa Israel. Tembung “Gusti Allah Berkahi Kita” asring dipun wangsuli punika mratelaaken bilih Juru Mazmur pitados sadaya berkah punika pinangkanipun saking Gusti Allah. Dados manungsa boten saged ngandelaken kakiyatan-kakiyatan lintunipun kajawi saking Gusti Allah kangge ngupadi kacekapan gesang lan berkah. Wonten ing ayat 3-6, Juru Mazmur ndedonga supados berkah-berkah ingkang sampun dipun tampi bangsa Israel ugi saged ndadosaken bangsa-bangsa sanes surak-surak lan suka bingah awit rumaos nampi berkah lan karahayon saking Gusti Allah. Dados berkah ingkang sampun dipun tampi boten namung kangge dhirinipun piyambak nanging ugi saged kangge katentreman lan karaharjaning liyan.
Salah satunggiling wujud saos sokur kita awit sampun nampi berkah saking Gusti inggih punika pisungsung. Atur pisungsung punika kita tindakaken boten supados Gusti Allah berkahi kita, nanging karana Gusti Allah sampun berkahi kita. Dados nglampahi gesang peparingipun Gusti punika sadaya katindakaken kanthi adedasar saos sokur. Paring pisungsung nggih kanthi sokur, mbangun gesang bebrayatan nggih kanthi sokur, ngayahi pandamelan nggih kanthi saos sokur. Sumangga kita tansah ndedonga supados berkah ingkang sampun kita tampi ugi saged dados berkah kangge sesami, supados tiyang sanes ugi saged ngraosaken bilih Gusti Allah punika Maha Asih lan saged ngluhuraken asmanipun Gusti lumantar kasaenan ingkang kita ketingalaken. Amin. [M@UL].
“Ngluruhaken Asmanipun Gusti saged awujud dados talanging berkah kangge sesami.”