Waosan : Lelakone Para Rasul 1 : 1 – 11 | Pamuji : KPJ. 445
Nats: “Nanging kowe bakal padha tampa kasekten, samangsa Sang Roh Suci wus nedhaki marang kowe kabeh sarta kowe bakal padha dadi seksiKu ana ing Yerusalem lan ing satanah Yudea kabeh, sarta ing tanah Samaria tuwin tumeka ing pungkasaning bumi.” (ay.8)
Umumipun, menawi wonten putra ingkang badhe kesah, tiyang sepuh asring paring sangu dhateng putranipun. Wosipun supados boten wonten masalah ing margi. Wonten ingkang dipun paringi sangu arta, dhaharan saha pandonga. Menawi kang putra sampun dipun sangoni, tiyang sepuh banjur rumaos marem lan tenang nalika putranipun tindak.
Maringi sangu punika sampun dados budaya ingkang turun-tumurun. Semanten ugi nalika ing jamaning Para Rasul. Nalika Gusti Yesus nimbali para sekabat, mesthinipun Gusti Yesus pirsa kahanan utawi latar belakang sosial, pendidikan, watak lan sanes-sanesipun. Wonten ingkang nggadhahi kaluwihan, nanging ugi kekirangan. Nanging punika boten dados masalah tumrap Gusti Yesus. Ingkang langkung penting punika kasagahan nalika badhe dipun bentuk dados pribadi ingkang enggal.
Para sekabat sampun nderek Gusti Yesus sawetawis dangu. Tegesipun sampun pirsa lelampahan, piwucal lan labuh-labetipun Gusti Yesus ngantos dumugeng ing prastawa penyaliban lan wungunipun Sang Kristus. Mesthinipun punika sampun cekap minangka sarana nekseni bab pakaryanipun Gusti. Nanging ewasemanten Gusti paring pangandika supados para murid lerem sawetawis wekdal ngantos ing mangke sami katedhakan Sang Roh Suci.
Pakaryan dados seksi punika awrat, awit paseksinipun kedah saged dipun tampi kaliyan tiyang sanes. Ingkang badhe dipun adhepi wonten tiyang ingkang pinter, bodho, kasar, alus, lembah manah, sombong lsp. Sedaya wonten tantanganipun. Mila perlu kawicaksanan saha kekiyatan ingkang saking ngaluhur, mila para sekabat kedah dipun “sangoni” klayan Roh Suci. Kita ugi katimbalan dados seksi pakaryanipun Gusti. Kita kedah yakin lan manteb awit kita ugi sampun dipun “sangoni” kalawan Roh Suci piyambak. (DK)
“Mugi Gusti kersa angutus utusan nyebarken pawartos basuki”