Waosan: Dhaniel 12 : 1 – 4 | Pamuji: KPJ. 58
Nats: “Wong-wong wicaksana bakal padha sumunar kaya cahyaning langit, tuwin kang wus nenuntun wong akeh marang kabeneran bakal kaya lintang ing salawas-lawase.” (Ayat 3)
Katah tiyang ingkang kepengin piyambakipun kondang, mila kangge mujudaken supados piyambakipun kondhang lan dados “bintang”, maneka werna cara dipun tindakaken tiyang. Sanyatanipun dados bintang punika mbetahaken tahapan ingkang panjang. Tiyang-tiyang punika kedah sami ngempal kangge ndherek lomba ingkang dipun wontenaken stasiun TV, kados Indonesia Idol, Liga Dangdut lsp. Piyambakipun kedah tumut seleksi sarta adu bakat lan kedah menang supados tujuanipun dados bintang punika kalaksanan. Pramila tiyang ingkang dados bintang punika tiyang ingkang menang saking lomba kalawau.
Waosan dinten punika, mucal kangge kita supados ningali kados pundi tiyang wicaksana punika tumindak saben dintenipun. Wonten kalih sikep ingkang dipun tindakaken dening tiyang wicaksana ing padintenanipun. Sepisan, tiyang wicaksana punika kedah sumunar gesangipun, kados cahyaning cakrawala. Cahyaning cakrawala punika sumunar paringi pepadhang dhateng sadaya manungsa tanpa pilih kasih. Cahyaning cakrawala punika saged dipun raosaken sadaya tiyang. Mekaten ugi tiyang wicaksana punika kedah saged nyunaraken cahyaning kabecikan ing gesangipun. Kabecikanipun punika kedah dipun raosaken sadaya tiyang. Kaping kalih, tiyang wicaksana kedah nuntun tiyang kathah dhateng kaleresan. Mboten wonten tiyang sanes kajawi Dhaniel ing wekdal punika ingkang terus nyepeng jabatan inggil saking antawisipun tiyang Yehuda ing kerajaan Babel. Ingkang ndadosaken Dhaniel katon ngungkuli sakehing para pejabat inggih punika karana Dhaniel saged nyunaraken cahyaning kabecikan lan kaleresan ing gesangipun. Dhaniel piyambak tansah pitados dhumateng Gusti Allah wonten ing lampah gesangipun.
Cahyaning Sang Kristus punika tansah sumunar wonten ing gesang kita. Karana punika, kita kedah dados margining pepadhang, ingkang nuntun tiyang kathah sansaya tepang kaliyan Gusti Yesus sumbering kawilujengan. Sumangga kita ngupaya dados tiyang ingkang wicaksana ing salebeting gesang kita saben dinten. Amin. [rd].
“Nalika kita ngadhepi tantangan lan pakewed, Gusti Allah badhe paring kawicaksanan.”