Waosan: Filipi 2 : 1 – 11 | Pamuji: KPJ. 348 : 1, 2
Nats: “… lan saben wong saja mung mikir marang kabutuhane dhewe, nanging elinga uga marang kabutuhaning liyan.” (Ayat 4)
Ihda Fadila wonten ing seratanipun “Mengenal Sifat Egois dan Ciri-ciri yang Dapat Timbul” (hellosehat.com) nyebataken ciri-cirinipun tiyang ingkang egois, inggih punika: gampil nyalahaken tiyang sanes, asring ndebat tiyang sanes, ewet nampi kritik tiyang sanes, ajrih gagal, ewet nyuwun pangapura, gampil frustasi, mboten sabar, lan mboten purun andhum sawetawis. Saking ciri-ciri punika dipun gambaraken tiyang ingkang egois punika tiyang ingkang namung mikiraken dhirinipun piyambak. Piyambakipun mboten peduli kaliyan kahananipun tiyang sanes, ingkang dipun utamikaken namung dhirinipun piyambak. Tamtu kita ingkang nate pinanggih tiyang ingkang egois punika rumaos mboten remen dhateng piyambakipun. Mekaten ugi ing satengahing pasamuwan, bilih wonten tiyang ingkang egois tamtu badhe nuwuhaken crah lan sesengitan ing satengahing gesangipun pasamuwan.
Sesambetan kaliyan waosan kita wekdal punika, Rasul Paulus paring pepenget dhateng pasamuwan Filipi supados mboten dados tiyang ingkang egois ing satengahing gesangipun pasamuwan. Paulus ngengetaken bilih sedaya umat pitados sampun katunggilaken ing Sang Kristus. Pramila minangka patunggilan, pasamuwan Filipi kedah gesang ing katresnan (Ay. 2), sepi ing pamrih lan pangalembana (Ay. 3), tansah andhap asor (Ay. 3), langkung nganggep utami tiyang sanes tinimbang dhirinipun piyambak (Ay. 3), mboten namung mikiraken kabetahanipun piyambak, nanging tansah eling dhateng kabetahanipun liyan (Ay. 4). Kanthi tumindak punika, pasamuwan Filipi badhe katebihaken saking raos egois. Pasamuwan Filipi ugi tansah kawangun ing Gusti Yesus.
Ing Minggu Pra Paskah punika kita dipun ajak supados mboten namung mikiraken dhiri kita piyambak, mboten egois. Gesangipun pasamuwan inggih punika gesang ing patunggilan. Nuladha dhateng Gusti Yesus ingkang kersa ngorbanaken Sariranipun kangge kita manungsa dosa, mangga kita gesang kados Gusti Yesus. Kita mboten gesang namung kangge dhiri pribadi nanging kita purun gesang kangge tiyang sanes. Artosipun gesang kita tansah migunani lan nuwuhaken berkah dhateng sesami. Mangga nuladha Gusti Yesus, kita sumadya makarya lan ngorbanaken tenaga, wektu, pamikir, materi kagem kamulyanipun Gusti. Aja mung mikir awakmu dhewe! Amin. [AR].
“Egois punika watak ingkang kedah kita tebihi saking gesang kita.”