Waosan: Yokanan 12 : 20 – 33 | Pamuji: KPJ. 124
Nats: “Ananging Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: “Wus tekan wektune Putrane Manungsa kaluhurake.” (Ay. 23)
Ngrembag bab pejah kangge sedaya tiyang ingkang gesang dados salah satunggal perkawis ingkang dipun selaki amargi kathah tiyang ingkang sami ajrih ngrembag bab pejah punika. Raos ajrih punika tuwuh krana tiyang punika dereng siap ngadepi pati. Raos ajrih punika tuwuh ugi krana tiyang punika sampun kagungan bayangan kados pundi ta pati punika lan kados pundi gesang saksampunipun pati punika. Wontening maneka warni pikiran-pikiran punika ingkang saged nuwuhaken raos ajrih. Ananging benten malih kaliyan Gusti kita Yesus Kristus.
Waosan kita dinten punika nedahaken kados pundi Gusti Yesus anggenipun mratelakaken bab sedanipun. Ing wiwitan, Gusti Yesus nyariosaken bilih kathah tiyang ingkang sami badhe tindak dhateng padaleman suci kangge mangun pangabekti. Ing antawisipun tiyang kathah punika wonten tiyang Yunani ingkang sampun mangertosi utawi memeluk agami Yahudi. Bab punika ngatingalaken bukti nyata kados pundi anggenipun tiyang Yunani punika saestu anggenipun dados pemeluk agami Yahudi. Saklajengipun nalika tiyang Yunani punika pepanggihan kaliyan Gusti Yesus, Gusti Yesus dhawuh: ”Wus tekan wektune Putrane Manungsa kaluhurake.” Ing ngriki, Gusti Yesus sampun paring pratanda bilih boten dangu malih Gusti Yesus badhe nandhang sangsara ngantos seda. Gusti Yesus punika sampun siap anggenipun ngadepi sedanipun.
Sedanipun Gusti Yesus ing salib punika inggih kangge paring kawilujengan dhateng sedaya tiyang pitados. Lumantar sedanipun Gusti Yesus, para pitados katebus saking kwasa dosa. Gusti Yesus kersa mbirat sedaya dosaning manungsa. Punika wujud nyata katresnanipun Gusti kangge umat kangunganiPun. Mila sumangga minangka tiyang pitados, kita saged njagi lan bales sih katresnanipun Gusti ingkang sampun kita tampi ing gesang kita. Bab punika saged kita wujudaken lumantar gesang miturut karsanipun Gusti. (Bie)
“Sedanipun Gusti paring kawilujengan kangge kita sami”