Waosan : Jabur 23 : 1 – 6 | Pamuji : KPJ. 103
Nats: “… aku ora wedi marang bilai, margi Paduka ingkang nganthi kawula …” (Ay. 4b)
Jujur kemawon, sinten to tiyang ingkang mboten nate ngraosaken raos ajrih ing gesangipun? Kula kinten sadaya nate ngraosaken raos punika, punapa asring, punapa kadang-kadang, punapa sekali dua kali. Wonten saklebeting gesang para pitados, raos ajrih tamtu nate dipun raosaken. Conto-nipun ajrih kekirangan bab sandang pangan papan, ajrih tumrap bilai kasangsaran lan prakawis-prakawis ingkang ewet & awrat, ajrih bab masa depan, ajrih kesasar-mblasar sacara rohani.
Lumantar Masmur anggitane Prabu Dawud, kita dipun kiyataken. Bilih Gusti punika Pangen ingkang sejati. Punika kesaksianipun Dawud bab hubunganipun kaliyan Gusti. Gusti punika Pangen, lan Daud punika menda. Sang Yehuwah iku pangenku, sejatosipun Gusti ingkang dados pandu (petunjuk jalan) wonten gesang kita. Nanging saestu ta, Gusti punika sampun kita dadosaken pandu kita? Punapa kita taksih asring mblasar? Mbok manawi karana kita taksih nggadhahi pepenginan ingkang kathah, kepingin ngasto barang darbe sakathah-kathahipun ing peziarahan gesang punika. “Gusti yen semanten punika boten cekap, punika tamtu kirang, punapa malih brayat kula kathah. Kula pingin ingkang langkung kathah dhuh Gusti”.
Kita kepingin ingkang langkung kathah, matemah boten saged ngraosaken cekap. Mboten cekap, matemah mboten puas, kenging punapa? Inggih karana taksih was sumelang. Was sumelang bab tetedhan, bab jodho, lsp, sedaya prakawis saged kemawon dipundadosaken dasar/alasan tumrap was sumelang. Mangga raos pingin bab punika, pengin bab puniki ingkang dados beban lan murugaken was sumelang ingkang kadlarung-dlarung punika dipunbucal, karena wonten Gusti ingkang dados pangen kita. Pitados kemawon bilih Sang Pangen Sejati mboten badhe nilar.
Sinau saking Sang Prabu Dawud. Piyambakipun pitados bilih Gusti ngayemaken nyawanipun. Gusti nenuntun ing margining kabeneran. Gusti nglipur. Gusti ingkang nata pasegahan wonten ngajengipun satru. Gusti jebadi kaliyan lisah, tuwung kebak mancep-mancep, Kabegjan lan kadarman ngirid lampahipun Dawud salaminipun gesang. Pitados kemawon tumrap panuntuning Sang Pangen Sejati. Amin. (YEW)
“Keberanian adalah perlawanan atas rasa takut, penguasaan rasa takut, bukan ketidakadaan rasa takut” (Mark Twain)