Mlarat Nanging Sugih Renungan Harian 21 Maret 2019

21 March 2019

Bacaan : Wahyu 2 : 8 – 11 | Pujian KJ 260 : 1 – 3
Nats : “Ingsun ngudaneni ing kasusahanira lan kamlaratanira, ananging sira sugih…”[ayat 9]

Menapa ingkang dipun alami pasamuwan Smirna menika awrat sanget. Pasamuwan dipuntindhes dening panguwaos Rum lan dipun “mlarataken” krana pasamuwan menika ndherek Gusti Yesus. Gesangipun pasamuwan awrat krana boten purun setya dhumateng Kaisar. Pasamuwan namung purun setya lan sumanggem dhumateng Kristus, Allahipun. Boten manung panindhesing Rum, pasamuwan Smirna ugi dipunarani pasamuwan iblis dening para ulamaning Yahudi krana dipunanggep mblasar ndherek Gusti Yesus Kristus. Kita saged ngangen-angen mendah awrating gesangipun pasamuwan Smirna.

Ing gesang padintenan, kita asring nemoni gesang kita dhawah ing salebeting masalah lan kados-kados boten saged medal saking ngriku. Waosan menika mratelaaken bilih kasangsaraning badhe tansah wonten ing gesang kita padintenan saengga kita saged dipunwastani mlarat jasmani lan rohani. Nanging Gusti Yesus Kristus paring kakiyatan kanthi dhawuhipun dene sok sintena ingkang setya dhumateng Gusti badhe kaparingan makuthaning gesang. Kasangsaran badhe nguwohaken kabecikan. Kasetyanipun pasamuwan Smirna mbeta kasugihan sacara rohani ingkang ageng sanget ing ngarsanipun Gusti.

Ing mangsa Pra Paskah menika kita nampeni Gusti Yesus ingkang sangsara. Kita boten namung purun ndherek ing kamulyanipun, nanging ugi ngemut- emut dene Gusti Yesus kedah nandhang sangsara ing margi tumuju kamulyan. Sumangga tansah setya dhumateng Gusti Yesus sanadyanta kala-kala dhawah ing pacoben lan kagodha dening donya supados nilar Gusti. [iezie]

Doa: Sekiranya aku menjadi menderita tapi ajar aku melihat Yesus sehingga aku disegarkan untuk melihat Tuhan yang akan menolongku. Amin

Renungan Harian

Renungan Harian Anak