Manut Marang Pamerdi Pancaran Air Hidup 21 Juni 2023

21 June 2023

Waosan: Wulang Bebasan 4 : 10 – 27 ǀ Pamuji: KPJ. 203 : 1, 3
Nats:
“Manuta marang pamerdi, aja kokeculake, iku reksanen, marga iya iku uripmu.” (Ayat 13)

Wiwit saking alit gesang kita tansah celak kaliyan pamerdi. Tembung pamerdi kapendet saking tembung ‘perdi’ ingkang nggadhahi teges panggulawentah. Wiwit saking alit tiyang sepuh kita paring panggulawentah bab caranipun ngunjuk. Mila nalika taksih bayi lan nembe lair, ibu paring panggulawentah bab caranipun nesep ASI. Sasampunipun umur nem wulan, tiyang sepuh paring panggulawentah bab caranipun nedha. Wiwit saking tetedhan ingkang alus awujud bubur tim lajeng dangu wekdal sinau nedha tetedhan ingkang langkung kasar awujud sekul jemek. Sareng sampun saged nedha, dangu wekdal tiyang sepuh paring panggulawentah bab caranipun ngadeg lan mlampah. Nalika sinau bab caranipun mlampah, kadangkala lare  dawah lan malah mbok menawi ugi nangis karana sisahipun lumampah. Nanging dangu wekdal kanthi sinau ingkang tumenen, lare lajeng saged lumampah malah kepara lajeng lumayu. Tegesipun panggulawentah utawi pamerdi punika prekawis ingkang sadinten-dinten kita tampi minangka manungsa. Ananging sapinten kita setya anggenipun nglampahi pamerdi?

Wulang Bebasan 4:10-13 paring piwucal bab pamerdi ingkang mekaten, “He anakku, rungokna lan tampanana pituturku, temah bakal dawa umurmu. Kowe dakwulang bab dalane kawicaksanan, daktuntun lakumu ana ing dalan kang lurus. Manawa kowe lumaku, jangkahmu bakal ora dialang-alangi, manawa lumayu, ora bakal kesandhung. Manuta marang pamerdi, aja kokeculake, iku reksanen, marga iya iku uripmu.” Kitab Wulang Bebasan kondang minangka pitedah saking tiyang wasis bab wigatosipun kawicaksanan. Tiyang ingkang wicaksana inggih punika tiyang ingkang ngenut dhateng panggulawentah utawi pamerdi. Emanipun kita kadangkala utawi malah kepara asring boten ngenut dhateng pamerdi. Malah asring namung ngenut dhateng pepenginan kita piyambak. Menawi mekaten kelampahanipun, kita punika boten ngenut dhateng panggulawentah.

Kitab Wulang Bebasan nggambaraken semanten wigatosing panggulawentah, mila menawi kita ngenut dhateng panggulawentah utawi pamerdi, kita badhe gesang. Kosok wangsulipun menawi kita boten ngenut dhateng pamerdi, kita badhe cilaka. Pamerdi utawi panggulawentah wigatos boten namung kangge para lare ananging ugi tumraping sadaya tiyang. Mangga kita ngenut dhateng pamerdi saking Gusti Allah temahan kita nampi gesang. Awit tiyang ingkang nalisir saking panggulawentahipun Gusti, badhe nandhang kaapesan. Amin. [ANS].

“Ngenut marang pamerdi, gesang tansah aji”

 

Renungan Harian

Renungan Harian Anak