Waosan : Yesaya 57 : 1 – 13 | Pamuji : KPJ 442 : 1, 2
Nats : “Samangsa sira sesambat, para brahala nira kareben ngluwari sira! Iku bakal padha kabur ing angin sarta padha kasirnaake dening sumentoring abab. Nanging wong kang ngayom marang Ingsun bakal tampa warisan bumi lan bakal ndarbeni gunungingSun kang suci.” [ayat 13]
Kados pundi nggih pawartosipun Kyai Kanjeng? Priyantun ingkang dipunakeni dening para pandherekipun minangka tiyang ingkang sekti mandraguna. Salah satunggaling kasektenipun kanthi ndamel yatra dados matikel-tikel. Elokipun, sasampunipun dipun kunjara taksih wonten kathah tiyang ingkang tetep pitados tumrap kuwaosipun. Ngantu-antu kanthi setya murih yatra ingkang sampun dados modal saged enggal saged dipuntampeni. Ananging kasunyatanipun taksih dereng wonten utawi pancen mboten badhe wonten hasilipun alias zonk.
Kacarita Bangsa Israel sansaya remen nyembah kaliyan brahala. Sepinten anggenipun Bangsa punika saged ngendelaken brahala sesembahanipun? Anggenipun setya lan bekti netepi tata cara sangajengipun brahala langkung ageng tinimbang anggenipun netepi kasetyan dhumateng Gusti (ayat 9). Kados-kados bangsa punika dipunumbar dening Gusti. Punika dipuntindakaken dening Gusti supados Bangsa Israel sansaya cetha ngraosaken bentenipun gesang ing Gusti lan ing sajawining Gusti Allah.
Mbok menawi sawetawis wekdal bangsa punika rumaos rosa, mulya wekdal gesang nyembah brahala. Ananging kados dene emas imitasi, sae sagebyaran dangu-dangu luntur lan ical cemlorote. Ananging tiyang ingkang tansah setya dhumateng Gusti, saya dangu saya ketingal sumunar (ayat 13). Mbok menawi sanes karana gadhah raja brana mubra-mubru, pangkat lan drajat. Karana Gusti ingkang tansah nganthi lan mberkahi, kanugrahan tentrem rahayu ingkang nyarengi. Lajeng sapunika, panjenengan langkung remen berkah imitasi utawi berkah ingkang asli? Mangga tansah setya tuhu ndadosaken Gusti Allah pepundhen ing gesang kita. [PKS]
“Ingkang asli mboten badhe nguciwani!”