Waosan : Kolose 1 : 15 – 29 | Pamuji : KPJ. 188
Nats: “Iya Panjenengane iku kang dakwartakake samangsa aku padha mituturi lan mulang saben wong marang kasampurnan kang ana ing Gusti Kristus” (ayat 28)
Salah satunggaling warga nate carios bilih pedamelanipun nyuguhaken kathah sanget goda. Goda ingkang utami menawi gegilut kaliyan bab pertanggung jawaban yatra kantor. Yatra ingkang kedahipun dipun pertanggungjawabaken kanthi patrap ingkang leres, dipun ewahi supados saged nguntungaken diri. Warga kala wau ngupaya satemah piyambakipun mboten katut arus Atasan, kanca sarta Bawahan ingkang limrah nindakaken kahanan kados mekaten. Asring menawi dipun ajak, warga kala wau lajeng paring wangsulan “Pak, Bu, Mas utawi Mbak, sampeyan ngabekti marang Gusti to? Ngelakoni ngabekti kaya agama sampeyan to? Ayo..ben ora muspra, lakonono urip kang leres.”
Ginoda ing gesang saged dipun alami kaliyan sinten kemawon, ing pundi kemawon sarta tanggel jawab punapa kemawon. Lare alit, tiyang sepuh, jaler, estri, sugih, mlarat, petani, guru, pejabat, ibu rumah tangga, sedaya saged manggihi ginoda. Menawi kita saged nggunguli goda, kita saged nggayuh kasampurnaning Gusti. Ananing kosokwangsulanipun, menawi kita kalah, kita dhawah.
Seratipun Rasul Paulus dumateng pasawuwan ing kutha Kolose, paring ajakan satemah saben tiyang purun dipun ajak sampurna kados dene sang Kristus. Kasampurnan punika saged dipun galih nalika pasamuwan saged nebih saking ginoda, purun dipun tuturi sarta dipun wulang dening Sabdanipun Allah ingkang kawedar dening Rasul Paulus.
Serat Kolose punika ugi kawedar dumateng kita, mliginipun ing jaman sak mangke sangsaya kathah godanipun gesang. Punika ateges bilih sok sintena ingkang lumampah ing gesang kedah merangi godaning jagad sarta purun dipun elingaken, dipun ajak kaliyan para sederek ingkang sami nggayuh sampurnaning sang Kristus. [Ardien]
“Kasampurnanipun gesang kados Gusti mboten dhawah saking swarga, ananging kedah dipun gayuh”