Tukang Tikung Renungan Harian 21 Juli 2018

21 July 2018

Waosan : Yeremia 12 : 1-17 | Pamuji : KPJ 135
Nats:
“Punapaa dene gesangipun tiyang duraka kok begja, lan sadaya tiyang ingkang boten setya sami manggih kasantosan?” (ayat 1b)

Wekdal katekisasi remaja badhe dipunwiwiti, lare-lare remaja ing kelas katekisasi sami gegojegan. Wonten remaja putri ingkang alok kanthi sora, “Aduuuuh, kasihan deh, ditikung lagi, PHP dong!”. Lare ingkang dipunaloki lajeng ketawis lingsem. Rupinipun lare ingkang lingsem wau nembe ngalami prastawa ingkang ndadosaken semplah manahipun. Piyambakipun nembe naksir kancanipun ing sekolah. Nanging pranyata kanca kenthelipun ugi naksir lare ingkang sami. Miturut lare jaman now, prastawa kados mekaten kawastanan nikung. Kita enget menawi kita saweg sepedahan, lajeng wonten tikungan, dipunpepet kaliyan tiyang sanes, lajeng kita gloyoran lan dhawah. Punika ingkang kawastanan nikung. Ingkang ndadosaken sakit hati punika, boten ngira dene kanca kenthelipun ugi anggadhahi raos tresna tumrap tiyang ingkang sami. Jengkel, kuciwa, muntab, nelangsa campur baur dados setunggal.

Nabi Yeremia ugi ngalami lan nekseni prastawa ingkang mrihatosaken. Bangsa Israel nyelaki prasetyan ingkang sampun kayasa kaliyan Allah kanthi nyembah ilah-ilah sanesipun. Anggenipun bangsa Israel sami nyembah Baal punika nedahaken pambalelaning bangsa Israel tumrap kasetyaning Allah ingkang tansah luber dhumateng bangsa Israel. Cinta tidak dibalas dengan cinta, namun dibalas dengan pengkhianatan! Menawi sampun mekaten, tamtunipun tiyang ingkang berkhianat, kedahipun pikantuk piwales lan paukuman. Pranyata Nabi Yeremia boten manggihi kasunyatan punika. Nabi Yeremia malah manggihi kasunyatan bilih tiyang ingkang mbalela kalawau tansah pikantuk kabegjan lan kasantosan (ayat 1-2). Punika ndadosaken Nabi Yeremia muntab lan protes dhumateng Gusti Allah, awit rumaos punika boten adil. Sami-sami gesang, ingkang setunggal nindakaken kabecikan, ingkang setunggal nindakaken piawon, ananging sami-sami pikantuk kabegjan lan kasantosan. Boten ngira! Iki penikungan! Gusti Allah boten adil!

Boten perlu baper! Tiyang ingkang nikung lan nindakaken khianat mesthi pikantuk paukuman (ayat 14-17). Boten usah kuwatos! Mangga tansah nindakaken kabecikan, awit menawi samangke tiyang ingkang nindakaken piawon angsal kabegjan, ing mangkenipun badhe angsal bebendu lan paukuman. (dix)

“Tukang tikung tidak selamanya bahagia.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak