Gusti Tansah Nuntun Titahipun Pancaran Air Hidup 21 Januari 2026

21 January 2026

Waosan: Yesaya 48 : 12 – 21  |  Pamuji: KPJ. 27
Nats: “Manawa sira nggatekake marang dhawuh-dhawuhingSun, tentrem rahayunira bakal kaya kali kang ora tau asat, lan kabegjanira bakal terus luber kaya ombaking sagara kang ora tau leren.” (Ayat 18)

Ing antawisipun owah-owahaning iklim lan risaking alam lingkungan ing antawis kita, kahananing donya punika, kados griya ingkang kobong alon-alon. Kathah tiyang bingung, kaget, lan sami nyalahaken. Nanging, wonten swanten pelan ingkang ngajak kita wangsul dhumateng Gusti ingkang nitahaken langit lan bumi. Kados kompas ingkang nuduhaken arah ingkang bener nalika kabut, mekaten ugi Gusti Allah ngersakaken gesang kita lan alam punika pulih malih, ngantos kita saged gesang rukun kaliyan sesami lan alam.

Yesaya 48:12–21 nedahaken Gusti Allah punika Sang Tumitah Sejati, wiwitan ngantos wekasan. Gusti Allah ngasta panguwaos ing saindenging jagad, kalebet sejarahipun umat Israel. Israel dipun ukum dening Gusti awit wangkoting manahipun. Nanging Gusti tansah paring pangapunten. Gusti Allah ngengetaken Israel bilih Israel purun mirengaken dhawuh-Ipun Gusti, mesthi nampi tentrem lan kasantosan. Ayat 20–21 nyariyosaken kamardikaning Israel saking Babel lan pangayomanipun Gusti dhateng Israel ing ara-ara samun. Punika dados pawartos kangge kita bilih Gusti Allah mboten namung nitahaken langit lan bumi, nanging Panjenenganipun nuntun lan ngemong kita ing satengahing gesang kita. Sanadyan gesang kita asring kebak pacoban lan pepeteng, kita kedah enget lan pitados bilih Gusti Allah tansah paring pangluwaran kangge kita. Gusti Allah karsa lumampah sesarengan kita, nuntun kita mlampah wonten ing alam donya punika srana sih katresnan-Ipun.

Wonten ing gesang ingkang kebak bilahi lan ewah-ewahan punika, kita dipun engetaken bilih tuking pitulungan kita punika pinangkanipun saking Gusti. Sabdanipun nuntun kita mlebet dhateng pemulihan, sae pribadi, sosial, lan ekologis. Ing sasi tumitahing jagad punika, kita dipun ajak mbikak manah kita, mirengaken dhawuh-Ipun, lan ndherek njagi titah-Ipun. Bilih kita katuntun dening Gusti, sanadyan gesang kados ing ara-ara, Gusti mesthi paring “toya panguripan”. Mangga kita saged gesang rukun kaliyan Gusti lan sadaya titah-Ipun. Kita purun dados mitranipun Gusti, kanthi sedya ngrimati bumi, nguri-uri karukunan kaliyan sesami, lan ngupadi kabecikan. Mekaten ugi tumindak gesang  kita tansah mujudaken pulihipun bumi, rukun dhateng sesami, saha nresnani sadaya titah-Ipun Gusti. Amin. [WAY].

“Gusti nuntun titah-Ipun ing satengahing donya ingkang kebak krisis.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak