Waosan: 1 Korinta 1 : 4 – 17 | Pamuji: KPJ. 198
Nats: “Apa Sang Kristus iku kaperang-perang? Apa Paulus iku kasalib marga saka kowe? Utawa apa kowe padha kabaptis ing jenenge Paulus?” (Ayat 13)
Gereja punika patunggilanipun tiyang pitados saking maneka warni latar gesang, kabudayan, suku lsp. Maneka warni latar gesang punika saged ndadosaken kalih prekawis. Sepindah, saged ndadosaken peladosan kelampahan kanthi sae amargi saben tiyang sami ngajeni lan jangkepi. Kaping kalih, saged ndadosaken pamisah wonten ing gesang patunggilan amargi saben tiyang tumindak ngladosi dhirinipun piyambak, gampang nyalahaken lan ngremehaken liyan. Semanten ugi lelampahan ingkang dipun lampahi pasamuwan Korinta ing waosan punika. Kutha Korinta misuwur minangka kutha pelabuhan ugi perdagangan. Ing Korinta ugi wonten maneka warni macem tiyang. Gesang ingkang kados mekaten, ndadosaken para tiyang pitados ing Korinta nggadhahi maneka warni pemanggih ngantos ndadosaken pasulayan.
Rasul Paulus ngegetaken pasamuwan Korinta mliginipun dhateng para tiyang ingkang golongaken piyambakipun kalebet kelompok tartamtu, supados enget bilih para tiyang punika sampun katunggilaken ing Sang Kristus. Ing nats kita Rasul Paulus ngengetaken: “Apa Sang Kristus iku kaperang-perang? Apa Paulus iku kasalib marga saka kowe? Utawa apa kowe padha kabaptis ing jenenge Paulus?” (Ayat. 13). Ing ngriki, Paulus ngengetaken sanadyan pasamuwan ing kutha Korinta sampun nampi pawartos Injil saking Apolos, Kefas, Paulus, punika mboten ateges pasamuwan saged ngginakaken nami-nami punika damel beneraken kelompokipun piyambak. Paulus piyambak sadar bilih rawuhipun minangka Rasul Kristus mboten kangge mbaptis nanging kangge martosaken Injil (Ay. 14). Karana punika pasamuwan Korinta kedah mangertos sinten kemawon ingkang dipun agem Gusti punika dipun agem kangge martosaken Injil lan pakaryanipun Gusti.
Ing dinten punika kita dipun engetaken mbangun gesang patunggilan punika penting, sae punika ing brayat, pasamuwan, ugi masyarakat. Kita kedah nyawiji, tresna setunggal lan setunggalipun kanthi tulus. Mekaten ugi kita tansah manunggil kaliyan Gusti. Srana iman, pangejeng-ajeng, pandonga, lan nindakaken karsa-Nipun, punika saged mujudaken kamanunggilan punika ing gesang padintenan. Mangga kita tansah manunggil kaliyan Gusti, ugi sedya manunggil kaliyan sesami mujudaken gesang ingkang endah ing satengahing pasamuwan. Amin. [rd].
“Wonten ing pasamuwan njagi solidaritas punika penting ing antawisipun para abdi.”