Waosan: Markus 1 : 14 – 20 | Pamuji: KPJ. 21 : 1, 2
Nats: “Ayo, padha melua Aku, kowe bakal Dakdadekake tukang golek uwong.” (Ayat 17)
Gusti Allah anggenipun nimbali para pandherekipun mawarni-warni caranipun. Wonten tiyang ingkang dipun timbali wiwit alit karana tiyang sepuhipun pancen tiyang Kristen. Lumantar panggulawentah lan didikan tiyang sepuhipun, lare punika pitados dhumateng Gusti Yesus. Wonten ingkang dipun timbali Gusti karana ningali paseksi gesangipun tiyang Kristen ingkang kebak katresnan lan kabingahan. Wonten ugi ingkang dipun timbali Gusti karana ngraosaken piyambak pakaryan-Ipun Gusti Allah ing salebeting gesangipun. Nalika piyambakipun sakit lajeng dedonga nyuwun kasarasan dhumateng Gusti Allah. Lajeng Gusti Allah makarya paring mujizat kasarasan, saking ngriku piyambakipun pitados dhumateng Gusti Yesus.
Waosan ing wekdal punika nyariosaken Gusti Yesus ingkang nimbali para sakabat ingkang wiwitan. Kacariosaken nalika semanten Gusti Yesus tindak ing pinggir seganten Galilea, Panjenenganipun pinanggih Simon lan Andreas ingkang nyambut damel dados juru amek iwak. Ing ngriku Gusti Yesus nimbali kekalihipun, “Ayo padha melua Aku, kowe bakal Dakdadekake tukang golek uwong.” Saking timbalan punika, Simon lan Andreas enggal-enggal nilar jalanipun lajeng ndherek Gusti Yesus. Mekaten ugi Gusti Yesus nimbali Yakobus putranipun Zebedheus lan Yokanan sadherekipun. Nalika Gusti Yesus nimbali, kekalihipun enggal nilar Zebedheus ramanipun lan ndherek Gusti Yesus. Para sakabat ingkang wiwitan punika mboten mangu-mangu nalika Gusti Yesus nimbali. Sakabat sekawan punika saestu ngestokaken timbalanipun Gusti Yesus awit pitados dhumateng Gusti Yesus.
Ing wulan tumitahing jagad punika, Gusti Yesus ugi kersa nimbali kita dados sakabat lan saksinipun kangge martosaken sih rahmat lan pakaryaning Gusti Allah dhateng jagad punika. Gusti Allah sampun nitahaken jagad lan saisinipun supados dipun jagi, dipun rimati, saha dipun kelola kanthi sae dening manungsa. Kita minangka umat pitados dipun timbali Gusti kangge ngupaya lestarining alam lingkungan ing satengah-tengahing gesang kita. Kita dipun timbali mujudaken sih katresnan lan sih rahmatipun Gusti Allah dhateng jagad punika lumantar pakaryan lan kapedulian kita kangge kasaenan alam lingkungan kita. Bilih Simon, Andreas, Yakobus lan Yokanan tansah sumadya ngestokaken timbalanipun Gusti dados juru pados manungsa, mekatena ugi salebeting gesang kita. Kita purun dados juru lestarinipun lingkungan kita, sarana punika kita saged nindakaken timbalanipun Gusti dhateng kita. Amin. [AR].
“Lestarining alam punika dados tanggel jawab lan timbalan kita ndherek Gusti.”